Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
60 dari 234
357–358 dari 1.487
3.564–3.573 dari 14.865
060.002 sêmana dèn sangkalani | ula ngêndhog margèng jagat |[1] lawan malih sangkalane | kala Adipati Japan | pêjahira ayuda | pinêtak anèng ing Butuh | rêsi guna păncaning rat |[2]|
060.003 ginanjar Dipati Pathi | dèn pêpantês panganggenya | wus sinung arta êmase | miwah wadya ing Mataram | wus linèlèr warata | sadaya tan wontên kantun | sang nata anulya jêngkar ||
060.004 malêbêt ing dalêm puri | sampun alami sêmana | kangjêng sultan sigra miyos | sineba sagung ing wadya | miwah para santana | kang tansah munggèng ing ngayun | Singaranu Martalaya ||
060.005 sinandhing tan kêna têbih | kangjêng sultan angandika | lah kakang Martalayage | iya sira lumakua | anglurug mring bang wetan | sira bêdhaha [8: 59] karuhun | nagara ing Pasuruan ||
060.006 sakèhing para dipati | kabèh padha lumakua | ana dene wêkas ingong | yèn wus praptèng Pasuruan | sakèh santananingwang | padha amondhoka besuk | ana sakiduling kutha ||
060.007 kakang Martalaya benjing | mondhoka kang kidul wetan | pan wong Pajang aja têbèh | ana dene Alap-alap | mondhoka loring kutha | yèn têka sira ing besuk | nagara ing Pasuruan ||
060.008 aja lyan sira antèni | amung ing dina Jumungah | antinên yèn sira campoh | lah uwis padha bubara | sigra Ki Martalaya | miwah pra santana sampun | atur sêmbah samya bubar ||
060.009 miwah wong Mataram sami | sadaya pan sami bubar | sing alun-alun bubare | amondhok jawining kitha | wong cili ngantos samya | pan sampun bubar sadarum | ya ta Adipati Pajang ||
060.010 samana sampun acawis | sagêgaman ing ayuda | samana wus bubar kabèh | ênêngakêna sêmana | kocapa sri narendra | wus jêngkar sing sitiluhur | pinarêk ing kamandhungan ||
060.011 Jasupănta dèn timbali | prapta ngarsa nulya nêmbah | sri narendra angling alon | hèh Jasupănta miyanga | sumusula mangetan | sira sun karya pandulu- | ningsun dèn waspada tingal ||
357–358 dari 1.487

 


Tanggal: ula ngêndhog margèng jagat (S 1538). Tahun Masehi: 1616–7. Sultan Agung menyerang dan mengalahkan Wirasaba merupakan kemenangan penting karena Wirasaba adalah pintu masuk ke Brantas bawah dan bekas lokasi Majapahit. Kemenangan Sultan Agung di Wirasaba menyatukan pasukan Surabaya dan Tuban kemudian pada bulan Januari 1616 menyerang Mataram tetapi kalah (Ricklefs 1981 hlm. 40). Sultan Agung kemudian menyerang Lasem dan Pasuruan. (kembali)
Tanggal: rêsi guna păncaning rat (S 1537). Tahun Masehi: 1615–6. Waktu Adipati Japan wafat dan dimakamkan di Butuh. (kembali)