Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
64 dari 234
377–378 dari 1.487
3.770–3.779 dari 14.865
064.012 gêgancangan lampahe praptèng Mataram | wus malêbêt ing puri | umatur jêng sultan | amba matur ing tuwan | kawulatur pati urip | tiwas kawula | kawone wong Matawis ||
064.013 pun Adipati Sujanapura pêjah | wingwrin wadya Matawis | tan purun maguta | yudane wong ing Sampang | lêgêg sang sri narapati | ya ta ngandika | Kangjêng Sultan Matawis ||
064.014 hèh Silarong kaya ngapa karêpira | ing mêngko wong Matawis | yèn mêngkono iya | apa kinèn mundura | Pangran Silarong turnyaris | atur kawula | nuhun duka narpati ||
064.015 yèn suwawi yèn karsa paduka nata | pun kaki Juru Kithing | tuwan lampahêna | dhatêng ing Pamêkasan | kagyat tyasira narpati | apa agêsang | si kaki juru mangkin ||
064.016 yèn mêngkono kaki juru timbalana | lampahêna dèn aglis | mring nagara Sampang | sigra sang adipatya | nuhun amit ing sang aji | sigra pangeran | kakêbatan lumaris ||
064.017 siyang dalu datan kandhêg lampahira | tan kawarna ing margi | pangeran wus prapta [9: 13] | ing ngarsane kang eyang | kang nama Kya Juru Kithing | ya ta kang wayah | pan sampun angujungi ||
064.018 kyai juru anapa kang wayah prapta | lah bagea sirèki | nyawa putuningwang | bayana karyanira | Pangran Silarong siraris | matur kang eyang | inggih kawula kaki ||
064.019 pan ingutus dening wayah jêngandika | Kangjêng Sultan Matawis | ngaturi uninga | kaki dhatêng sampeyan | rusaking tiyang Matawis | nglurug Madura | rusak kawon ing jurit ||
064.020 pun Tumênggung Sujanapura kang pêjah | ingamuk ing ajurit | yèn sawawi eyang | sampeyan lumampaha | dhumatêng Sampang nagari | ingkang ngajuma | têtiyang ing Matawis ||
064.021 lamun sampun wilujêng tiyang Mataram | nuntên apranga malih | sampeyan ngabêna | kyai juru ngandika | wis lali ingsun ajurit | lan ora kêlar | lumaku kaya dhingin ||
377–378 dari 1.487