Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
65 dari 234
382–383 dari 1.487
3.815–3.824 dari 14.865
065.017 dèrèng eca raose kang galih | manawa manahipun tan lămba | kinarya bujuk putrane | Mangunonêng amuwus | yèn makotên[1] karsa puniki | suwawi ingutusan | lamun sida nungkul | anulya aglis nusula | wus utusan Ki Mangunonêng tumuli | maring ing Surabaya ||
065.018 Radèn Pêkik anggawani mantri | Ki Urawan kang kinèn matura | dèn asangêt mring ramane | utusan wus lumaku | tan asuwe utusan prapti | nagari Surabaya | Urawan umatur | sampeyan gusti ngaturan | dening [9: 20] putra sampeyan dhatêng Matawis | panggiha lawan sultan ||
065.019 adipati gupuh ingkang ati | nulya dandan akêkapa kuda | sarwi nutuh sarirane | angrasa lamun luput | yèn nganggea rêmbaging mantri | măngsa ta mangkenea | mêmanah anglalu | manawi ta kangjêng sultan | duwe adil paramarta angalimi | cupêt baliluningwang ||
065.020 sigra bubar sira Adipati | Surabaya lawan Ki Sanjata | binêkta ika karsane | Jayaraga tan kantun | Adipati Pajang tan kari | sampun sira lumampah | pabarisan agung | anênggih ing Pranaraga | Adipati Surapringga sampun prapti | nagari Panaraga ||
065.021 asêseban sakathahing mantri | Mangunonêng lawan Katawêngan | Yudaprana sakancane | arêrêp anèng ngriku | lami nganti karsa narpati | anuli sigra prapta | utusan sang prabu | amundhi andika sultan | wus apanggih lawan Mangunonêng aris | pangeran ingutusan ||
065.022 sampun rawuh sira Adipati | Surabaya sigra kang utusan | dhawuhakên timbalane | yèn dika kinèn wangsul | putra dika kinèn abali | dhatêng ing Surabaya | karsane sang prabu | mung dipati ing Sanjata | kang pinundhut binêkta dhatêng Matawis | dhatêng putra andika ||
065.023 lawan sakèhe kang para mantri | Surabaya pinundhut sadaya | kinèn lajênga ing mangke | putra dika sang prabu | apan arsa rêke [9: 21: rê...ke] udani | mantri ing Surabaya | dipati tumungkul | datan kawasa lênggana | ing karsane kangjêng sultan ing Matawis | Surabaya katura ||
065.024 nadyan pati urip ingsun iki | pan sumăngga katura ing sultan | datan angrasa dêduwe | wong Pranaraga sampun | dipun seba dening ing mantri | Mangunonêng nèng ngarsa | sigra aturipun | pan sampun katur sadaya | polahira iya ingkang para mantri | Surabaya sadaya ||
065.025 sampun katur dhatêng sri bupati | angandika aris sri narendra | padha uculana kabèh | sakèhe bojonipun | ulihêna lakine malih | sampun sami nguculan | marêk ing sang prabu | sang nata aris ngandika | ki tumênggung sira dadia têtindhih | ana ing Surabaya ||
065.026 padha sira muliha dèn aglis | lan si paman anèng Pranaraga | lah ampirana dèn age | iku gawanên mantuk | mring nagara lawan si adhi | omaha jaban kutha | ayya mawa batur | kang kinon tur sêmbah mentar | sampun prapta ing Pranaraga tumuli | pangeran wus binêkta ||
382–383 dari 1.487

 


makatên. (kembali)