Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
65 dari 234
382 dari 1.487
3.811–3.820 dari 14.865
065.013 Kyai Dêmang Urawan rumiyin | bêkta sêrat mapan sampun prapta | sajroning barisan gêdhe | Ki Mangunonêng mêtu | Ki Urawan dipun panggihi | wus sinungkên kang surat | winaca ing kalbu | unining nawala patra | arsa nungkul raja Surabaya wakil | atmajanya kewala ||
065.014 Mangunonêng suka dènnya angling | iki bênêr karêpe dipatya | wong angeman [9: 19: a...ngeman] nagarane | nanging kuciwanipun | têka anak kinarya wakil | Mangunonêng gya mojar | kadyapa ing rêmbug | mantri sadaya turira | măngsaborong Mangunonêng angling aris | gêgaman bubarêna ||
065.015 Kyai Dêmang Urawan wus mulih | nulya matur maring radèn êmas | sampun katrima lampahe | kyai dêmang winuwus | ya utusan maring Matawis | angaturi uninga | Surabaya nungkul | enjing mangke kawarnaa | sigra bubar sakèhe wadya Matawis | miwah ing Surapringga ||
065.016 tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta ing nagaranira | sami rêrêp sadayane | kawarnaa ing ênu | Mangunonêng lan Angabèi | Katawêngan rêmbagan | lan Yudapranèku | Katawêngan sigra mojar | kadipundi Dipati Surabayèki | têka botên lumampah ||
065.017 dèrèng eca raose kang galih | manawa manahipun tan lămba | kinarya bujuk putrane | Mangunonêng amuwus | yèn makotên[1] karsa puniki | suwawi ingutusan | lamun sida nungkul | anulya aglis nusula | wus utusan Ki Mangunonêng tumuli | maring ing Surabaya ||
065.018 Radèn Pêkik anggawani mantri | Ki Urawan kang kinèn matura | dèn asangêt mring ramane | utusan wus lumaku | tan asuwe utusan prapti | nagari Surabaya | Urawan umatur | sampeyan gusti ngaturan | dening [9: 20] putra sampeyan dhatêng Matawis | panggiha lawan sultan ||
065.019 adipati gupuh ingkang ati | nulya dandan akêkapa kuda | sarwi nutuh sarirane | angrasa lamun luput | yèn nganggea rêmbaging mantri | măngsa ta mangkenea | mêmanah anglalu | manawi ta kangjêng sultan | duwe adil paramarta angalimi | cupêt baliluningwang ||
065.020 sigra bubar sira Adipati | Surabaya lawan Ki Sanjata | binêkta ika karsane | Jayaraga tan kantun | Adipati Pajang tan kari | sampun sira lumampah | pabarisan agung | anênggih ing Pranaraga | Adipati Surapringga sampun prapti | nagari Panaraga ||
065.021 asêseban sakathahing mantri | Mangunonêng lawan Katawêngan | Yudaprana sakancane | arêrêp anèng ngriku | lami nganti karsa narpati | anuli sigra prapta | utusan sang prabu | amundhi andika sultan | wus apanggih lawan Mangunonêng aris | pangeran ingutusan ||
065.022 sampun rawuh sira Adipati | Surabaya sigra kang utusan | dhawuhakên timbalane | yèn dika kinèn wangsul | putra dika kinèn abali | dhatêng ing Surabaya | karsane sang prabu | mung dipati ing Sanjata | kang pinundhut binêkta dhatêng Matawis | dhatêng putra andika ||
382 dari 1.487

 


makatên. (kembali)