Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
65–66 dari 234
383–384 dari 1.487
3.824–3.833 dari 14.865
065.026 padha sira muliha dèn aglis | lan si paman anèng Pranaraga | lah ampirana dèn age | iku gawanên mantuk | mring nagara lawan si adhi | omaha jaban kutha | ayya mawa batur | kang kinon tur sêmbah mentar | sampun prapta ing Pranaraga tumuli | pangeran wus binêkta ||
065.027 tan kawarna ing marga wus prapti | Surabaya Tumênggung Sapanjang | angênggèni ing kithane | pangeran ênggonipun | anèng Rêmpèh saanak rabi | ênêngêna sêmana | ucapên rumuhun | Sri Naranata Mataram | dina Soma sang nata miyos tinangkil | datan arsa mundura [9: 22] ||
66. Durma
57. Adipati Bragola ing Pathi ambalela dhatêng Mataram
066.001 sampun miyos sang nata ing Panangkilan | magêrsari angapit | lan bintulu pêdhang | kalawan tumbak sulam | wong anyutra wus marapit | wong priyantaka | anèng ngarsa atêbih ||
066.002 saragêni anjajari anèng ngarsa | nanging sinigêg dhingin | ingkang winangsulan | dipati ing Sanjata | caritanya kala prapti | nagari Pajang | sêmana dèn suduki ||
066.003 nanging sakèhing braja datan tumama | tumiba angganèki | ya ta ingantêban | selatur ginitikan | ing kayu sangêt kagitik | datan karasa | ing badane dipati ||
066.004 ya ta tinalenan Dipati Sanjata | linêbêtkên ing warih | sêmana wus ical | dipati ing Sanjata | wus nora ana kapanggih | malih winarna | sultan dènnya siniwi ||
066.005 saragêni anjajari anèng ngarsa | kakăndha amirapit | warnanên kang seba | kapêdhak jagabaya | sangkraknyana sisihnèki | kapilih ika | sisih sami kapilih ||
066.006 udaraga asisih lan wong miyangga | wong nirbaya anangkil | lan wong kartiyasa | silih wong wiramarta | wong brajanala asisih | wong wirabraja | sadaya sami nangkil ||
066.007 patrayuda asisih lan wong kanoman | gandhèk anaking mantri | wong singanagara | Martalulut sisihnya | wong niyaga anèng wuri | Kabayan ngarsa | wong mandhung [9: 23] wus anangkil ||
066.008 astranăngga kalawan wong maodara | miwah wong judhipati | lawan wong jantaka | sami nangkil sadaya | wong margăngsa anèng wuri | para dipatya | tansah ngarsèng narpati ||
383–384 dari 1.487