Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
65 dari 234
381 dari 1.487
3.801–3.810 dari 14.865
065.003 wong Mataram kabèh wus tur bêkti | sigra bubar lampahe akêbat | datan kawarna lampahe | ing Japan sampun rawuh | ing Têrusan dipun pondhoki | bangawan sinangkrahan | pan sami binêndung | kang mili mring Surabaya | ingurugan bêbathang lan kolang-kaling | dadya wong Surabaya ||
065.004 datan ana toya kang binukti | singa ngombe apan dadi lara | awatuk lara awake | mantri sampun arêmbug | kang sawênèh angajak jurit | ana ngajak beluka | apan sampun katur | mring Dipati Surabaya | sinewaka dening sakathahing [9: 17: sakathah...ing] mantri | ngabèi lawan dêmang ||
065.005 pra tumênggung myang para dipati | dêmang răngga miwah sinangarya | wus samya anangkil kabèh | pan sampun sarêng matur | kang sapalih angajak jurit | sapalih amrih seba | kèmêngan tyasipun | dipati ing Surabaya | ki dipati ing Sanjatabèr kawanin | malaku ingabêna ||
065.006 wong Surabaya prasamya angling | Ki Sanjata pêksa kumawawa | kudu amapag jurite | yèn enjuha karuhun | pasthi mênang prange ing nguni | duk anèng nagri Pajang | basa uga iku | wong mati angajak-ajak | Ki Sanjata bêburone wong Matawis | pasthi angajak ala ||
065.007 langkung èmêng tyasira dipati | dipun rasa bênêr ingkang mojar | angajak nungkul bêcike | rinasa galihipun | anging maksih karaos isin | mangke saya alama | sangsaya akuru | wong Surabaya tan mangan | sakathahe wadya kang angajak jurit | sami nungkul sadaya ||
065.008 maring kangjêng sultan ing Matawis | wadya dipati ing Surabaya | kagegeran ing manahe | anungkul karsanipun | maring Kangjêng Sultan Matawis | lah sira putraningwang | nungkula karuhun | ingsun pan ora tumindak | anak ingsun Ki Pêkik sun karya wakil | keringa mantriningwang ||
065.009 Mantri Surabaya kabèh angling | matur dhumatêng sang adipatya | pangraos kawula anggèr | mênggah ing lampahipun | kadi botên yèn amêkasi [9: 18] | yèn suwawi ing karsa | lêng tuwan pukulun | lumampaha aprayoga | apanggiha lawan sultan ing Matawis | supados katrimaa ||
065.010 Adipati Surabaya angling | ingsun wêruh kabèh karsanira | nanging ingsun durung sae | têmua lan sang prabu | nanging putraningsun ta ugi | Ki Pêkik lumakua | iku wakil ingsun | sun srahakên ing Hyang Suksma | lara pati lêwih karsaning Hyang Widi | măngsa bodhoa uga ||
065.011 alah sira kang sun kon tutwuri | angatêrna maring putraningwang | dadia ing saratine | anggawaa wong sèwu | lan sakèhe kang para mantri | gawaa rajabrana | iki layang ingsun | tibakêna ing utusan | mring Mataram kang baris jawining kori | Mangunonêng kang nama ||
065.012 sigra bubar sira Ki Mas Pêkik | dèn iring mantri ing Surabaya | samya munggèng ing wingkinge | rajabrana pêpikul | pan akathah babêktanèki | pan kinarya pratăndha | yèn têmên anungkul | sapraptanira ing jaba | dèn sêsiyung dening wadya ing Matawis | wong Surabaya ebat ||
381 dari 1.487