Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
66 dari 234
387–388 dari 1.487
3.863–3.872 dari 14.865
066.038 sigra nitih dipăngga Sultan Mataram | bêdhol sagunging baris | untabe awêndran | dinulu [9: 27: dinu...lu] tan petungan | sajaman-jaman ngêbêki | para santana | ingkang lumakyèng wingking ||
066.039 tan winarna kêbating ingkang carita | prapta jabaning taji | lajêng kang gêgaman | sampun prapta ing Pajang | wong pasisir andhingini | măncanagara | wus anggêpok ing Pathi ||
066.040 sri narendra arêrêb anèng ing Pajang | wadya kang andhingini | sami ambêbajag | wong Pathi padêdesan | kidul gunung dèn boyongi | ingkang abăngga | pan sami dèn patèni ||
066.041 wong desane prasami angungsi kitha | samya atur upaksi | matur ing lêlurah | ya ta kang kawarnaa | sira Adipati Pathi | dawêg sineba | dening sagunging mantri ||
066.042 kandhuruhan ingkang tansah anèng ngarsa | lan Arya Sawunggaling | lawan Sindurêja | tansah anèng ing ngarsa | lan Rajamênggala sami | sami pêpakan | Dipati Kulanangkil ||
066.043 Ki Tumênggung Binorong lan Mangunjaya | tansah ana ing ngarsi | dening rowangira | Ki Dêmang Tanpanaha | Ngabèi Carangdesèki | lan Arya Tăndha | lan Radèn Mêgatsari ||
066.044 Pangalasan lawan Dêmang Jagantaka | lawan Ki Waduaji | lawan Jayèngrana | tan kari pun Prameya | lawan Răngga Surèngpati | mantri sadaya | andêl-andêling Pathi ||
066.045 Surantaka lawan Dêmang Kartalaya | Ngabèi Jayèngpati | Răngga Martahita | lawan Wirabramêtya | lan Ki Răngga Kartapati | Astrawijaya | samya andêl ing jurit ||
066.046 Kapêdhêke miwah mantri [9: 28: ma...ntri] Kajinêman | Kartayuda anangkil | lan Dêmang Caruban | lawan pun Marcukilan | Ki Gêlapthathit sumandhing | Dêmang Katawan | lan Răngga Orang-aring ||
066.047 Dêmang Cêkaklak lan Dêmang Gêlapngampar | lawan pun Endragini | lan pun Cakrajagad | lawan pun Langitbêdhah | Jurangambrah sisihnèki | Setan Arungan | Mancangah anèng ngarsi ||
387–388 dari 1.487