Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
66 dari 234
383–384 dari 1.487
3.830–3.839 dari 14.865
066.005 saragêni anjajari anèng ngarsa | kakăndha amirapit | warnanên kang seba | kapêdhak jagabaya | sangkraknyana sisihnèki | kapilih ika | sisih sami kapilih ||
066.006 udaraga asisih lan wong miyangga | wong nirbaya anangkil | lan wong kartiyasa | silih wong wiramarta | wong brajanala asisih | wong wirabraja | sadaya sami nangkil ||
066.007 patrayuda asisih lan wong kanoman | gandhèk anaking mantri | wong singanagara | Martalulut sisihnya | wong niyaga anèng wuri | Kabayan ngarsa | wong mandhung [9: 23] wus anangkil ||
066.008 astranăngga kalawan wong maodara | miwah wong judhipati | lawan wong jantaka | sami nangkil sadaya | wong margăngsa anèng wuri | para dipatya | tansah ngarsèng narpati ||
066.009 Panêmbahan Purubaya anèng ngarsa | miwah kang para rabi | Pangeran Ariya | Widamanggala seba | lan Dipati Singasari | lan Têpasana | sadaya sami nangkil ||
066.010 Adipati Juminah sampun sewaka | Dipati Mangkubumi | miwah Kapugêran | lawan pangeran dêmang | kabèh prasamya anangkil | para santana | Dipati Sokawati ||
066.011 Adipati Balitar sampun aseba | miwah para dipati | ing Amartasana | miwah Prawiratruna | Pulangjiwa wus anangkil | Rănggatanpulas | lan Radèn Wirasari ||
066.012 Adipati Martalaya wus aseba | lawan sira Dipati | Mamênang aseba | lan Radèn Pringgalaya | punika kang lagi prapti | Kusumayuda | Dêmang Malaya nangkil ||
066.013 para mantri ingkang aseba winarna | Singaranu nèng ngarsi | lawan Endranata | Tumênggung Alap-alap | Arya Martalaya nangkil | Mangunonêngan | kalawan Rajaniti ||
066.014 Ki Tumênggung Asmaradana nèng ngarsa | kalawan Wirapati | lawan Prangwadana | kalawan Têpèngsara | Ki Tumênggung Măndakarti | Aryanagara | lan Arya Dhadhaptulis ||
383–384 dari 1.487