Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
70 dari 234
401–402 dari 1.487
4.005–4.014 dari 14.865
070.057 Kandhuruwan anumbak sêngit kewala | putung watangirèki | angunus curiga | Kandhuruwan narajang | anuduk anitir-nitir | Pangran Purbaya | panggah datan gumingsir ||
070.058 panêmbahan sigra anarik curiga | dhuwung aran Ki Panji | sigra Kandhuruwan | sinuduk jajanira | malêsat tiba kabanting | wus kinakahan | sinuduk ngulung ati ||
070.059 Kandhuruwan sampun pêjah kapisanan | sigra Sang Adipati | Kulon anarajang | nulya sigra anumbak | kanan keri[1] dèn kêmbuli | putung kang watang | pangeran anglarihi ||
070.060 Ki Dipati Kulon sampun tinumbakan | jaja sami trus gigir | pan sampun palastra | surak kadi ampuhan | wong Mataram aningali | Pangran Purbaya | kinarubut ing jurit ||
070.061 kang lumayya pan sampun wangsul sadaya | sêdya apulih gêtih | surak lir ampuhan | kumrab sakèh gêgaman | wong Pathi tan kêna gingsir | kinêpang-kêpang | sampun akathah mati ||
070.062 Sawunggaling angamuk kagila-gila | liwung angobat-abit | kinarubut [9: 47: ki...narubut] ing prang | dening wadya Mataram | singa kang katêmpuh gusis | wus kinathahan | kudane sampun mati ||
070.063 Sawunggaling lumayu narik curiga | dharat dènira jurit | sing kaparak bubar | Pangeran Purubaya | uninga ing Sawunggaling | nulyagya mara | manahe rada miring ||
070.064 dhuwungira Kyai Panji wus liniga | awor lawan pakathik | sêmana Sirarya | Sawunggaling wus pêrak | anulya dipun larihi | saking iringan | Sawunggaling malêsi ||
070.065 datan angsal Sawunggaling wus aniba | anulya dipun byuki | mring wadya Mataram | anulya tinalenan | wus binasta Sawunggaling | Rajamênggala | karsane anulungi ||
070.066 anarajang Rajamênggala anêngah | pangeran wus udani | nulya pinaranan | ya ta Rajamênggala | panumbake wanti-wanti | putung kang watang | pangeran anglarihi ||
401–402 dari 1.487

 


kering. (kembali)