Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
70 dari 234
402–403 dari 1.487
4.020–4.029 dari 14.865
070.072 aturipun awanti tan piniyarsa | sapisan kaping kalih | ping tiga kaping pat | kangjêng sultan ngandika | măngsa sun sêdya gumingsir | pan wus sun sêdya | ingsun barênga mati ||
070.073 wus tinitir Ki Bicak munya angangkang | wadya kang anèng ngarsi | samya alok sira | lah payo iki prapta | kapêdhak ingkang satunggil | alah ta ingwang | mati bubukên iki ||
070.074 Nayadarma kapêdhak bêkta ampilan | waose sri bupati | Kyai Barukarna | binêkta Nayadarma | anulya sigra apamit | sri naranata | angandika ing abdi ||
070.075 alah iya dèn satuhu wani sira | tumbakku Barukuping | sira tamakêna | Nayadarma tur sêmbah | sigra maring ngarsa aglis | wadya kapêdhak | samya arêbut dhingin ||
070.076 Adipati Pathi wus kinandhang-kandhang | wus parêk sang dipati | nulya anarajang | mring kapêdhak Mataram | prasamya anakêr wani | wus tinadhahan | sang dipati ing Pathi ||
070.077 kinarubut kudanira sampun pêjah | malumpat sang dipati | ngamuk lan curiga | sigra Ki Nayadarma | prênahe sampun kapering | sigra tinumbak | asru sang adipati ||
070.078 lambungira ki dipati [9: 49: di...pati] ingkang pasah | dhasar sayah kariyin | anuli aniba | dipati wus palastra | rinêbut de wong Matawis | aparêbatan | angaku anatoni ||
070.079 sampun katur dhumatêng sri naranata | yèn dipati ngêmasi | kinèn ambêktaa | jisim dhatêng ngajêngan | kapêdhak sigra wotsari | nulya lumaywa | mring prênahing kang jisim ||
070.080 Mangunjaya uninga dipati pêjah | angrêbut tan kuwawi | anulya lumajar | mulih maring Santênan | angukup kang kari-kari | dyan kawarnaa | ingkang amundhut jisim ||
070.081 wong kapêdhak kewuhan pambêktanira | arsa pinandhi-pandhi | satru sri narendra | yun sinèrèt kewala | iki santana narpati | samya kewuhan | ana wong tuwa siji ||
402–403 dari 1.487