Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
70 dari 234
404–405 dari 1.487
4.037–4.046 dari 14.865
070.089 nora isin sira ewan Endranata | mau malik kulambi | arêp ingsun tumbak | umpêtan awor kompra | dènira dêlap aurip | eman sang nata | maringi tunggak sêmi ||
070.090 eman-eman alinggih lampit si edan | jêjêrih[1] wêdi mati | duraka nèng dunya | Endranata awirang | mundur alinggih ing wuri | sarwi angucap | ngadêk wong kênèng sarik ||
070.091 sampun katur Sawunggaling wus kabêsta | wus kinon amêjahi | sampun pinêjahan | Sawunggaling karênan | kalamun awèta urip | wirang nèng dunya | warnanên sri bupati ||
070.092 angandika sang nata mring Alap-alap | sira mintara aglis | lan Si Jagabaya | lan Arya Panularan | Si Ngabèi Wirapati | lan wong Mataram | milua urun mantri ||
070.093 bêboyonga maring nagara Santênan | poma sira dèn bêcik | yèn ana kang băngga | anuli patènana [9: 51: pa...tènana] | yèn wus mati kang prajurit | dèn boyongana | dèn ênting aja kari ||
070.094 sarupane wong wadone ing Santênan | yèn bojoning priyayi | lah sira tandhua | aja kongsi lumampah | lawan anggawaa joli | bok ipe benjang | sira tunggangna joli ||
070.095 Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | Panular Wirapati | wus sami tur sêmbah | nulya bubar sadaya | datan kawarna ing margi | warnanên sira | Mangunjaya kang prapti ||
070.096 wus malêbu jroning pura sung uninga | mring garwane dipati | yèn kang raka seda | tumpês sabalanira | ya ta kang garwa samyanjrit | wong dalêmira | gumuruh samya nangis ||
070.097 sêsambate pan sami kawêlasarsa | umyang swaraning tangis | lir pendah ampuhan | sakyèhing para garwa | sêsambate amlad ati | aniba-niba | wênèh gulung ing siti ||
070.098 putranira kang aran Rahadèn Răngga | samya dipun tangisi | adhuh putraningwang | êndi ta ramanira | sapa wlas ing sira gusti | dhuh anak ingwang | kakang êmas dipati ||
404–405 dari 1.487

 


jêjirih. (kembali)