Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
71 dari 234
409–410 dari 1.487
4.085–4.094 dari 14.865
071.016 ingkang rama wartane wus lalis | ingkang kari amung anakira | Ki Mas Pêkik pêparabe | puniku karsèng ulun | ingsun sèngi marang Matawis | arsa uninga ingwang | panêmbahan matur | punapa ing karsa nata | ulun iki umiring sakarsa aji | apênêd katimbalan ||
071.017 tan kawarna polahira prapti | Surabaya pangeran kapêdhak | ana ing padhukuhane | Ngrêrèpèh wastanipun | Alap-alap anuli prapti | andhawuhkên timbalan | kawula ingutus | dening raka jêngandika | ing Mataram punika karsa pêpanggih | kalawan jêngandika ||
071.018 pan andika tinimbalan aglis | ing Mataram lawan ingkang garwa | kinèn bêkta sawarnine | sawiji sampun kantun | tan lênggana Radèn Mas Pêkik | sigra nulya adandan | sanak putunipun | Ki Alap-alap utusan | mring Tumênggung Sapanjang anuli prapti | samya kinèn adangdan ||
071.019 angiringna ing Radèn Mas Pêkik | dèn karêksa yèn anèng dêdalan | anulya adangdan kabèh | sigra wus bubar wau | Alap-alap Radèn Mas Pêkik | miwah wong Surabaya | rumêksa ing pungkur | datan kawarna ing marga | sampun prapta wau ing Butuh siraglis | angujung ing astana ||
071.020 pan asare ngastana sawêngi | Ki Mas Pêkik asare ing dagan | têngah dalu ing wayahe | ana swara karungu | angsung pemut dhatêng Mas Pêkik | alah Ki Surabaya | wruhanira besuk | ing Pajang [9: 59] ana narendra | putunira kacêtha dadi narpati | ana ing Wanakarta ||
071.021 kang ingaran ta Sang Ratu Kuning | iya iku kaki putunira | sakilèn titha[1] prênahe | kagyat sira awungu | wus raina anulya angling | mring kang tunggu astana | lah sira angrungu | ing swara tan katingalan | Pajang kene cinêtha ana narpati | anênggih putuningwang ||
071.022 kang ingaran ta Sang Ratu Kuning | kadhatone nênggih Wanakarta | ki kunci dhingkul linggihe | Radèn Mas Pêkik muwus | lah karia kang tunggu kunci | sigra anulya bubar | tan kawarnèng ênu | Ki Tumênggung Alap-alap | angaturi uninga dhatêng Matawis | matur ing sri narendra ||
071.023 lamun Radèn Mas Pêkik wus prapti | sri narendra miyos sinewaka | pêpak wadyabala kabèh | miwah santananipun | pêpak kabèh samya tinari | sultan aris ngandika | mring kang pinisêpuh | lah ta uwa Purubaya | kadipundi yèn mangke Radèn Mas Pêkik | têka ing ngarsaningwang ||
071.024 sapa sintên kang yogya ngabêkti | lamun prapta punapi manira | ngabêktia sapatute | punapa awak ingsun | ingkang patut dèn kabêktèni | pakanira rasakna | ing sapênêdipun | panêmbahan sigra mojar | yèn kawula inggih ta Radèn Mas Pêkik | kang pantês ngabêktia ||
071.025 mapan sampun kungkulan nrêpati | botên-botên kawula kang nistha | pan sampun kawon kawruhe | ing mangke yêktinipun | tinimbalan dhatêng ing ngarsi | tan kawasa lênggana | milane sang prabu | pantês punika kang nêmbah [9: 60: nê...mbah] | sri narendra suka angandika aris | lêrês uwa andika ||
409–410 dari 1.487

 


kitha. (kembali)