Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
71 dari 234
410–411 dari 1.487
4.095–4.104 dari 14.865
071.026 angandika sang sri narapati | wong agandhèk sira gêpahêna | Radèn Mas Pêkik marene | wong gandhèk awotsantun | tan asuwe wus dèn timbali | sigra Ki Alap-alap | lampahe lumaju | ing alun-alun wus prapta | sigra pepe anèng sakidul waringin | kurung sami agêlar ||
071.027 sarayatira Radèn Mas Pêkik | pan binêkta apepe sadaya | wus katur sang nata age | pan tinimbalan sampun | ya ta prapta ngarsa nrêpati | Pangeran Surapringga | umarêk tumungkul | dhuwung sumalah ing lêmah | sakalangkung ajrihira ing nrêpati | muka konjêm pratala ||
071.028 dDhasar sangêt ajrih Radèn Pêkik | katanggung dening sih sri narendra | datan tumênga mukane | lwir surya kêmbar iku | sênênira Sultan Matawis | sakwèhing wong pan merang | mwangrêpa tumungkul | Adipati Surapringga | sigra matur mring jêng sultan ing Matawis | pêjah gêsang kawula ||
071.029 pan sumăngga katur padukaji | mila botên asowan ing sultan | tan măntra wadi gawene | dadya salah mring ulun | dening warêg boga pangasih | mudha dimudhadama | tan măntra ing sêmu | myang paduka naradipa | dènnya sêkti sineba ing wong sabumi | anyakrawati ing rat ||
071.030 lwir katurunan lelatul kadri | kadhawuhan andika sang nata | animbali gagêbale | lwir malekat tumurun | mring kawula mojar sajati | padhange tyas [9: 61: tya...s] kawula | midhangêt pukulun | saandika sri narendra | langkung manis kawula dahat agipih | marêk dhatêng paduka ||
071.031 kangjêng sultan suka ing jro galih | amiyarsa aturing dipatya | ing Surabaya sumèlèh | sultan ngandika arum | mring dipati ing Surabanggi | mila sira ngong undang | pêpanggih lan ingsun | wus pinasthi ing Hyang Suksma | patêmone lwir surya kalawan sasi | sêdhênge sasadara ||
071.032 wus raina sang yyang surya mijil | sapandulon rêke lawan căndra | iya iku patêmane | sakêdhap sasi surup | timbangane surya lan sasi | salah siji ilanga | pasthi jagat suwung | upama manira surya | Ratu Pêkik upama ta sira sasi | pasthi timbangan ingwang ||
071.033 tanah Jawa iya ing Matawis | pêkênira yèn ora nanaa | yêkti rusak puwarane | jênêng Mataram puput | yèn tan têmu lan sira malih | sira pama têlaga | pancurane ingsun | pasthi sira nadhahana | toya agung talaga yèn tan nadhahi | yêkti puwara asat ||
071.034 para ingsun trêsna ingkang ati | yayi Surabaya lir êmbanan | ingsun ingkang sêsotyane | ywan sêsotya puniku | upamine tan dèn êmbani | puwara galundhungan | sirna tan kadulu | sêsotya tanpa êmbanan | cahya mancur akèh kang wong aningali | arsa angêmbanana ||
071.035 lah Dipati Surabaya kaki | sira wismaa anèng Mataram | mêksiha ing kadipatèn | nagaranira iku | sun wèhakên [9: 62: wèhakê...n] ing sira maning | wadya ing Surabaya | ja owah kang laku | kang linggih lampit kandhaga | apan iya maksiha linggihe lami | aja owah lan saban ||
410–411 dari 1.487