Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
71 dari 234
410–411 dari 1.487
4.099–4.108 dari 14.865
071.030 lwir katurunan lelatul kadri | kadhawuhan andika sang nata | animbali gagêbale | lwir malekat tumurun | mring kawula mojar sajati | padhange tyas [9: 61: tya...s] kawula | midhangêt pukulun | saandika sri narendra | langkung manis kawula dahat agipih | marêk dhatêng paduka ||
071.031 kangjêng sultan suka ing jro galih | amiyarsa aturing dipatya | ing Surabaya sumèlèh | sultan ngandika arum | mring dipati ing Surabanggi | mila sira ngong undang | pêpanggih lan ingsun | wus pinasthi ing Hyang Suksma | patêmone lwir surya kalawan sasi | sêdhênge sasadara ||
071.032 wus raina sang yyang surya mijil | sapandulon rêke lawan căndra | iya iku patêmane | sakêdhap sasi surup | timbangane surya lan sasi | salah siji ilanga | pasthi jagat suwung | upama manira surya | Ratu Pêkik upama ta sira sasi | pasthi timbangan ingwang ||
071.033 tanah Jawa iya ing Matawis | pêkênira yèn ora nanaa | yêkti rusak puwarane | jênêng Mataram puput | yèn tan têmu lan sira malih | sira pama têlaga | pancurane ingsun | pasthi sira nadhahana | toya agung talaga yèn tan nadhahi | yêkti puwara asat ||
071.034 para ingsun trêsna ingkang ati | yayi Surabaya lir êmbanan | ingsun ingkang sêsotyane | ywan sêsotya puniku | upamine tan dèn êmbani | puwara galundhungan | sirna tan kadulu | sêsotya tanpa êmbanan | cahya mancur akèh kang wong aningali | arsa angêmbanana ||
071.035 lah Dipati Surabaya kaki | sira wismaa anèng Mataram | mêksiha ing kadipatèn | nagaranira iku | sun wèhakên [9: 62: wèhakê...n] ing sira maning | wadya ing Surabaya | ja owah kang laku | kang linggih lampit kandhaga | apan iya maksiha linggihe lami | aja owah lan saban ||
071.036 Surabaya kalawan Matawis | apan tunggal Ratu Pêkik ika | darbe bandara kêkalèh | lamine tan winuwus | adipati ing Surabanggi | pan sampun tinariman | lan rayi sang prabu | Ratu Pandhan wastanira | kang kagraha dènira Sang Ratu Pêkik | sampun amor asmara ||
071.037 wus alami dèniramor rêsmi | Ratu Pêkik lawan ingkang garwa | lan Ratu Pandhansarine | sultan anèng kadhatun | angandika maring ing cèthi | timbalana riningwang | Ratu Pandhansantun | matura yèn ingsun gêrah | yèn dèn wèhi nuli mintara dèn aglis | matura mara ringwang ||
071.038 sigra mentar punang cèthi prapti | tan asuwea Kasurabayan | sigra prapta ing ngarsane | Ratu Pêkik puniku | punang cèthi anulya angling | pan kawula punika | singgih dipun utus | dhatêng raka jêngandika | kangjêng sultan nênggih kinèn angaturi | dhatêng rayi sampeyan ||
071.039 kangjêng sultan lagya gêrah nênggih | ingkang wêling raka jêngandika | lamun si awèh lakine | lumêbuwèng kadhatun | dèn tinjoa gêrahku iki | yèn lakine tan suka | aja ta lumaku | Adipati Surabaya | têbah jaja sumăngga ing asta kalih | tan kenging lêngganaa ||
410–411 dari 1.487