Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
71 dari 234
412–413 dari 1.487
4.112–4.121 dari 14.865
071.043 sakathahe kang adoh ing jawi | pasthi kalah maring lakinira | wus kasoran lêluhure | Susunan Giri dangu | pan gêguru mring sang ayogi | Susunan Ngampèldênta | iku purwanipun | atapa kathah yowana | tanah Jawa sadaya sami lumiring | angalahkên ing pêrang ||
071.044 sigra mulih Ratu Pandhansari | sampun prapta ing Kasurabayan | wus panggih lawan lakine | manêmbah ngaras suku | ing pratala Sang Ratu Pêkik | garjita ingkang manah | prapta garwanipun | anarka yèn ana karya | Adipati Surabaya wruh ing wangsit | mênêng ngêmu sasmita ||
071.045 tan winarna lamine ing mangkin | Ratu Pandhansari sinarenan [9: 64] | sampun dènnya akarêsmèn | sêsampuning pulangyun | Ratu Pandhan angling bêbisik | kang karsa kangjêng sultan | wus babar maringsun | Adipati Surabaya | sigra mojar sun sêngguh nora kayèki | kang karsa kangjêng sultan ||
071.046 yèn wêruha kang karsa nrêpati | amrih rusak kang Giri pandhita | pinrih idhêpe ujude | wus kagêm ngastaningsun | sampun anèng sêlan jariji | pandhita ing aldaka | ing sapasthinipun | warata măngsa mênanga | upamane lwir amijêt wohing ranti | pasthi kalamun bêdhah ||
071.047 Ratu Pêkik aris dènirangling | mring sang rêtna manira nanêdha | Ratu Mas iku jatine | lah aturêna ingsun | saosêna sowan narpati | apan ingsun akarsa | pamit ing sang prabu | kang garwa datan lênggana | sigra mangkat wus prapta ing dalêm puri | sarimbit tinimbalan ||
071.048 sapraptane kalih ngarsa aji | adipati lawan Ratu Pandhan | wus atur bêkti kalihe | sumungkêm anèng lêbu | dalamakan sang sri bupati | sang prabu angandika | kayapa sirèku | pandhita ing Giripura | sayêktine sun têmpuhakên sirèki | nungkule sang pandhita ||
071.049 Ratu Pêkik umatur wotsari | paduka nata datan lênggana | nênggih atur kawulanggèr | Surabaya Sang Prabu | andhatêngna mêngsah kang sêkti | anênggih rajèng Cina | miranti ing gunung | wong Surabaya tan obah | yèn suwawi kalawan paduka aji | kawula minta duka ||
071.050 wontên dene Rêtna Pandhansari | ngong turakên ing ngarsa [9: 65] paduka | sumăngga dhatêng sang angrèh | wontêna ing kadhatun | pan wong èstri angrêribêdi | upamingong ajaka | lumampah anglurug | yêkti botên dados băndha | têmpuhing prang satêmah tan kobêr jurit | pijêr ngrawati garwa ||
071.051 sri narendra gumujêng saryangling | karsaningsun yayi garwanira | para gawaa ing mangke | mapan sasêdyaningsun | rabinira sadulur mami | barênga pêjah gêsang | lawan rabinipun | pan wus wayahing wanodya | yèn kang lanang kalah ing jurit ngêmasi | bojo dadi boyongan ||
071.052 Ratu Pêkik tumulya wotsari | pan anuhun sih paduka nata | tan lênggana ing karsane | tumulya sami mantuk | Ratu Pêkik lawan kang rayi | manêmbah ri suku sang | mangusapi lêbu | kangjêng sultan angandika | alah rara sira ta aja gumingsir | barênga pêjah gêsang ||
412–413 dari 1.487