Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
72 dari 234
414–415 dari 1.487
4.134–4.143 dari 14.865
072.006 kawula anuwun ing sih | lami kawularsa-arsa | damêl dalêm salawase | sampeyan dipun pracaya | dhatêng awak kawula | pan kawula langkung purun | mungsuh prang wong Surabaya ||
072.007 nulya tinangaran aglis | mêpak ingkang wadyabala | wong Giri wus pêpak kabèh | sarta gêgamaning yuda | mêrbot modin sadaya | santrine sampun anglumpuk | kadi kuntul arêratyan [9: 68] ||
072.008 kêtib pangulu wus dhingin | pranakan lawan santana | Ki Cina senapatine | sami wong Cina balanya | kathahe winatara | ana kang wong kalih atus | wus manjing Islam saya |[1]|
072.009 para santana ing Giri | sampun pêpakan sadaya | anitihi gêgamane | anulya sigra tangara | mangsêh[2] ing ranagana[3] | sêdyane barêng angamuk | sigra anulya umangkat ||
072.010 bêndhe bêdhuge tinitir | wong Surabaya uninga | nulya anata barise | putra Cina wus amapan | sami ngagêm sanjata | kang binêdhil nora luput | wong Surabaya kèh pêjah ||
072.011 karsanya angidêk wani | anulya kinaruwunan | wong Giri angamuk kabèh | wong Surabaya amapag | nulya campuh ing yuda | suraknya lir gunung rubuh | santrine sami bêbêsan ||
072.012 sakathahing wadya Giri | prasami ambêg palastra | dadya samya ngamuk kabèh | sinosog ing ganjur atap | binêdhil binrangkolang | tan kandhêg pangamukipun | wong Surabaya kèh pêjah ||
072.013 wus bubrah tataning jurit | wong Giri wus anèng têngah | pangamukira wus awor | barise pating salayah | gustine tan karuwan | wong Surabaya katawur | prajurite kathah pêjah ||
072.014 wong Surabaya angisis | wong cili sampun lumajar | prajurite bubar kabèh | ulate wus pandirangan | datan măngga puliha | ya ta kasaput ing dalu | kang amburu sampun sayah [9: 69] ||
072.015 wong Giri wus sami bali | wangsul maring prênahira | wadya Surabaya kabèh | prajuritnya sampun seba | dhatêng ing gustinira | sadaya sarêng umatur | ngaturakên pêjah gêsang ||
414–415 dari 1.487

 


Kurang satu suku kata: wus manjing Islam sadaya. (kembali)
mangsah. (kembali)
rananggana. (kembali)