Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
75–76 dari 234
420–421 dari 1.487
4.197–4.206 dari 14.865
075.009 sampun tinimbalan aglis | tan asuwe nulya prapta | sumungkêm pada sang katong | ingandikan sigra nêmbah | matur saha wotsêkar | kawula paduka utus | anggêcêk ing Giripura ||
075.010 raja pandhita kalindhih | punika kawula bêkta | saha garwanipun kabèh | myang sarajabêrananya | mangke atur kawula | katura dhatêng sang ulun | sri narendra angandika ||
075.011 ingsun anarima yayi | saking karya pakanira | raja pandhita ing mêngko | ngong paringakên ing sira | miwah rajabarana | lan saisine ing Gunung | sira ingkang aduwea ||
075.012 anuhun [9: 77: a...nuhun] sang adipati | sigra sinungan barana | miwah kang raja kaputrèn | dhumatêng Sang Ratu Pandhan | sang nata angandika | lah wis muliha sirèku | maring padalêmanira ||
075.013 kang rayi sarêng wotsari | mêdal saking jroning pura | anjujug maring dalême | sampun prapta wismanira | miwah ingkang boyongan | lawan rajabrananipun | wus sami dinum sadaya ||
075.014 sakèhe kang para mantri | ing Surabaya sadaya | wus sami dinuman kabèh | prajurit lawan satriya | lêlurah lan kabayan | warata dhatêng pêpikul | kêkucah lwir guladrawa ||
76. Dhandhanggula
59. Adipati Mandura kadhawuhan ngrêbat Jakarta
076.001 tan kawarna laminya ing mangkin | kocapa sang prabu ing Mataram | dawêg siniwèng wadyane | pêpak mantri tumênggung | jajarane apan arakit | tumbak lêmbing lan panah | bêdhil jajaripun | priyantaka pan ajajar | lan wong nyutra wong nulup nèng kanan keri[1] | pêpak anèng ing ngarsa ||
076.002 wong jagabaya jajarirèki | wong sangkragnyana samya ing ngarsa | wong priyantaka sambunge | wong wisamarta iku | kartiyasa sisihirèki | wirabraja ajajar | lan brajanalèku | wong kapilih anèng ngarsa | lan nirbita patrayuda jajarnèki | kalawan wong kanoman ||
076.003 wong anggandhèk mantri anom nangkil | lawan malih wong singanagara [9: 78] | wong martalulut jajare | kabayan prênahipun | rada kiwa niyaga wingking | wong kidul kabèh seba | jajare wong mandhung | winastan wong astranăngga | maodara jagasura jodhipati | gowang lan margasara ||
076.004 apan pêpak sadaya anangkil | para bupati miwah santana | mungging ing ngarsa prênahe | kalayan malihipun | pinisêpuh wus samya nangkil | wong pasisir kalawan | măncanagarèku | wus pêpak samya aseba | kangjêng sultan sêmana ngandika aris | dhatêng Mandurarêja ||
420–421 dari 1.487

 


kering. (kembali)