Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
77 dari 234
427 dari 1.487
4.261–4.270 dari 14.865
077.027 panêmbahan angandika | mring sakathahing têtiyang pasisir | lah wus karia sadarum | ingsun layar manêngah | sun jagani mungsuh kang mêtu ing laut | anulya sigra alayar | sakêdhap datan kaèksi ||
077.028 Panêmbahan Purubaya | pan abanjur sêdya maring Matawis | risampun akarya tatu | akarya gora-gora[1] | wong Walănda manahe sangsaya kukud | sok ana mêndhung katingal | gumuruh dipun bêdhili ||
077.029 dandananira mèh têlas | obat mimis samana sampun tipis | warnanên kang anèng kidul | Tumênggung Baurêksa | anrangbaya padha saking [10: 12: sa...king] bitingipun | sakathahe wong Ngastina | prasamya anglalar biting ||
077.030 Walănda mimise têlas | pan anêlas salwir praboting jurit | mimisnya kinum ing uyuh | kinuthah lawan berak | ing sawênèh gajih cèlèng wêdhakipun | Walănda sampun uninga | wong Jawa angingsêr biting ||
077.031 anulya dandan sadaya | wus malatar mriyême dèn sulêdi | gurnada gurnat myang êbum | swaranira lwir gêlap | pan wong Jawa kang katiban kabur-kabur | Ki Tumênggung Baurêksa | sêmana sampun akanin ||
077.032 katiban mimis asawat | pupunira tugêl angawir-awir | wong pasisir kathah lampus | mimis tiba lir udan | wong Walănda mimise kêdhik kang kantun | watara kari sadina | tan aduwe malih-malih ||
077.033 bitingira sampun bubar | wong pasisir manahe kêtir-kêtir | ya ta kasaput ing dalu | wong cilik kathah minggat | samya mulih akèh amorod ing dalu | ya ta Dipati Mandura | arsa ngawaki pribadi ||
077.034 kadang kadeyan sadaya | wus pinêpak sadaya wus tinari | pan ingsun arsa angamuk | kuthane Si Walănda | sun unggahi akarsa sun amuk purun | lah padha asêsucia | payo padha mati sabil ||
077.035 prasamya matur sandika | sinantana kalawan para mantri | asanggup barêng alêbur | enjange kawarnaa | Ki Mandura sêmana pan sampun mêtu | sigra têngara ing bala | bêndhe angungkung tinitir [10: 13] ||
077.036 Walănda sampun malatar | bêdhilira pan sampun dèn isèni | berak dèn wor mimisipun | Ki Mandura wus mangsah | pra santana balanira sarêng nêmpuh | wong Walănda kagegeran | bêdhile wus dèn sulêdi ||
427 dari 1.487

 


gara-gara. (kembali)