Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
77–78 dari 234
428–429 dari 1.487
4.278–4.287 dari 14.865
077.044 samya banjur mring bangawan | samya adus busana dèn buwangi | prasamya asalin sampun | mulih mring pasanggrahan | Ki Mandura balanipun kathah rêmpu | pan maksih sami sudira | asêdya angrangsang malih ||
077.045 Walănda wus kagegeran | gêgêdhene kathah kang padha mati | kapitan papat wus lampus | lutnanipun sakawan | Alpèrèse ingkang mati kalih puluh | Kumpênine sabrêgada | kang kari sami atintrim ||
077.046 dandanane samya rusak | pêpangane apan uwus mèh ênting | manahira eyang-eyung | sêdya pêjah kewala | mung taine kang kinarya mimisipun | wus sêdya lêbur sadaya | nora sêdya dèn unduri ||
78. Durma
078.001 ênêngêna kang tugur anèng Jakarta | kocap Sultan Matawis | lagya siniwaka | ingadhêp pra punggawa | mangkya kocapa kariyin | Pangran Prubaya | sêmana lagi prapti ||
078.002 sampun seba dhumatêng sri naranata | tumulya matur aris | kawula sang nata | andika kèn lumampah | anjangkung ingkang ajurit [10: 15] | dhatêng Jakarta | sampun ulun lampahi ||
078.003 sampun karya tilar tilas gora-gora[1] | pun Walandi atintrim | wadya jêngandika | wong pasisir sadaya | kathah rusak kathah mati | pun Baurêksa | wartinipun akanin ||
078.004 pun Mandura sampun ngawaki priyăngga | tumpês balanirèki | anak putunira | sampun akathah pêjah | pun Mandura ngrangsang biting | Kyai Mandura | kondure dening tai ||
078.005 pun Walănda obat mimise wus têlas | tai kinarya mimis | wong Mataram padha | tan tahan gandanira | manahe sampun atintrim | yèn bantonana | baris saking Matawis ||
078.006 pasthi bêdhahipun nagari Jakarta | ing mangke kados pundi | ing karsa sang nata | botên siyèn awona | apênêd lan wong Walandi | sri naranata | nulya ngandika aris ||
078.007 inggih uwa Purubaya karsaningwang | sun kon mundur kang jurit | lah ta wong Mataram | ing benjing wruhanira | ing sapungkur-pungkur mami | nak putuningwang | yèn lunga sing Matawis ||
428–429 dari 1.487

 


gara-gara. (kembali)