Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
78 dari 234
430–431 dari 1.487
4.295–4.304 dari 14.865
078.015 wong apêrang anatasing buta tala |[1] ingkang sangkalanèki | Pangeran Mandura | pan sampun pinêjahan | nênggih wontên Lèpèntangi | wus ing astana | nèng Kaliwungu nênggih ||
60. Pangeran Silarong kadhawuhan nêlukakên Balambangan
078.016 tan winarna duk sêmana laminira | sang nata ing Matawis | enjang sinewaka | pêpak kang wadyabala | mantri gung-agung sumiwi | para santana | kabèh sami anangkil ||
078.017 angandika sang nata mring arinira | Pangeran Adipati | Silarong namanya [10: 17: na...manya] | lah ta sira mintara | anindhihana ing jurit | wadya Mataram | adunên ing ajurit ||
078.018 ing Balambangan iku sira bêdhaha | lawan Pringgalayèki | iku angiringa | marang ing kakangira | wadyabala ing Matawis | sira adua | yèn ana wong nyaliwing ||
078.019 patènana sira gawea tontonan | lan ingsun anggawani | jêjênêng ing yuda | gandhèk pan sanakira | Padurêksa wastanèki | anake paman | Pringgalaya sumêndhi ||
078.020 iku iya ingong karya angganingwang | kalawan yayi adhi | basanana kakang | marang Ki Padurêksa | pan iku sêsilih mami | sun karya tingal | sisipe wong Matawis ||
078.021 alah uwis padha sira adandana | sêsikêp ing ajurit | lawan wêkas ingwang | yèn mênang yudanira | ing Balambangan kalindhih | lah boyongana | ajana kari siji ||
078.022 dina Soma adhi lah sira bubara | kang rayi awotsari | sang natagya jêngkar | sangking ing panangkilan | malêbêt ing kênyapuri | ngiring badhaya | sêlir lan para cèthi ||
078.023 kang asowan wus sami bubar sadaya | sampun arakit baris | wong măncanagara | pan sampun ingutusan | kinon asaosa sami | gêgamanira | sakapraboning jurit ||
078.024 tan kawarna lamine têka samaya | sigra miyos tinangkil | pêpak kang punggawa | mantri lan sinatriya | miwah Pangeran Dipati | Silarong prapta | kalihan lan kang rayi ||
430–431 dari 1.487

 


Tanggal: wong apêrang anatasing buta tala (AJ 1551). Tahun AJ 1551 jatuh antara tanggal Masehi: 20 Agustus 1629 sampai dengan 9 Agustus 1630. Pangeran Pekik, putra dari penguasa terakhir Surabaya, menikahi saudara perempuan Sultan Agung, Ratu Pandhansari, dan kemudian ditugaskan memimpin pasukan untuk menyerang Giri (Gresik). Dalam sumber lain, pernikahan tersebut dan penaklukan Giri terjadi sekitar tahun 1633–6 (Ricklefs 1981 hlm. 43–4). Adipati Mandura diperintahkan oleh Sultan Agung untuk menjarah Jakarta tetapi kalah dan mundur ke Kaliwungu tempat dia dibunuh. (kembali)