Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
78 dari 234
431–432 dari 1.487
4.303–4.312 dari 14.865
078.023 kang asowan wus sami bubar sadaya | sampun arakit baris | wong măncanagara | pan sampun ingutusan | kinon asaosa sami | gêgamanira | sakapraboning jurit ||
078.024 tan kawarna lamine têka samaya | sigra miyos tinangkil | pêpak kang punggawa | mantri lan sinatriya | miwah Pangeran Dipati | Silarong prapta | kalihan lan kang rayi ||
078.025 kang awasta Ki Dipati [10: 18: Di...pati] Pringgalaya | sanakipun kêkalih | kang milu anglanggar | sampun pêpak sadaya | miwah ingkang para mantri | gêgamanira | ngalun-alun abaris ||
078.026 angandika wau Sang Nata Mataram | bubarêna kang baris | lan ta adhi poma | sira dèn aprayitna | kang rayi matur wotsari | anuli bubar | miwah kang para mantri ||
078.027 wus lumampah gêgaman agêng kumêrab | prapta jabaning Taji | ambèr amalatar | tan kawarna ing marga | pan sampun praptèng Kadhiri | măncanagara | wau ingkang dèn anti ||
078.028 Jagaraga Kaduwang lan Kamagêtan | Madiun sampun prapti | miwah Panaraga | Caruban Kartasana | Kalangbrèt lawan ing Rawi | Srêngat Balitar | sadaya sampun prapti ||
078.029 Garobogan Balora lawan ing Jipang | Sêsela lagi prapti | wong pasisir kiwa | kang milu angluruga | ing Lasêm lawan ing Pathi | Sidayu Tuban | Lamongan lan Garêsik ||
078.030 Surabaya kalawan wong ing Madura | ika kang samya kêrig | Japan Wirasaba | Pasuruan ing Malang | punika sampun prajangji | ing Pasêdhahan | pakumpulaning baris ||
078.031 sampun bubar saking nagari ing Daha | datan kawarnèng margi | praptèng Pasuruan | sampun atatan-tatan | wong pasisir sampun prapti | măncanagara | sampun apêpêk baris ||
078.032 sampun bubar gêgaman praptèng lumajang | nanging maksih lumaris | mapan sampun prapta | watêsing Balambangan | arêrêb anata baris [10: 19: ba...ris] | sampun kawarta | misuwuring wong Bali ||
431–432 dari 1.487