Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
78 dari 234
433–434 dari 1.487
4.328–4.337 dari 14.865
078.048 pangamuke wong Bagêlèn kadi setan | wong Bali kadi bêlis | wong Bali kèh pêjah | kari panjang tumbaknya | gêgaman ganjur pakolih | yèn putung ika | pinancal landhêp malih ||
078.049 pan wong Balambangan akèh ingkang pêjah | pêrangira kalindhih | pan sami lumajar | angungsi pamondhokan | sampun sinapih ing wêngi | wadya Mataram | kaburu samya bali ||
078.050 Jêng Pangeran Silarong angling tumingal | balane akèh mati | kêna dening upas | nulya sira tumêdhak | kang mati dipun sepaki | waras waluya | kang kêna tumbak mimis ||
078.051 ênêngêna wontên ta ingkang kocapa | sêntana ing Matawis | anênggih kang putra | Pangeran Pringgalaya | kalangkung dados wawêri | anèng Mataram | lampahe amêmaling ||
078.052 wastanipun Rahadèn Wăngsakartika | dados maling asêkti | karyane ajinah | lan matèni têtiyang | kalangkung dadi wawêri | wadya Mataram | tan ana ingkang wani ||
078.053 milanipun binucal mring Pasuruan | Dyan Wăngsakartikèki | ana ing Mataram | angrêrusuhi jaman | pan sampun miyarsa warti | yèn rayinira | kalih tumut ajurit ||
078.054 nulya mangkat anusul mring pabarisan | anjujug ingkang rayi | panggih lan rinira | Rahadèn Padurêksa | uninga nulya ngabêkti | datan anyana | kakang kapanggih ngriki ||
078.055 kakangira aris dènira angucap [10: 22] | ingsun atakon yayi | paran juritira | kang rayi saurira | kawalahên ing ajurit | wadya Mataram | akathah ingkang mati ||
078.056 yèn mêngkono yayi ing karsa manira | ingsun milu ajurit | sokur sun matia | ajawèt anèng donya | awirang ingsun ningali | ing sanak ingwang | santana ing Matawis ||
078.057 angur ingsun matia anèng paprangan | sun angukke ing wêngi | yayi mungsuhira | Bali lan Balambangan | dening sira sun bubuhi | lamun rahira | sira ngamuka yayi ||
433–434 dari 1.487