Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
78 dari 234
435–436 dari 1.487
4.343–4.352 dari 14.865
078.063 lêbu mlêtuk malêdhug wanara galak | bumi agonjang-ganjing | Radèn Padurêksa | angamuk mring payudan | pangamuke ngobat-abit | numbak anigas | wangke sungsun atindhih ||
078.064 mayid[1] Bali lan mayid ing Balambangan | lan mayid ing Matawis | pan tumpang-tinumpang | wong aprang kathah pêjah | wong Balambangan wus miris | tatane rusak | wus bubar bosah-basih ||
078.065 Radèn Padurêksa tandhange lir yêksa | sinosog ing wong Bali | pan ora rinasa | lwir pendah panjang putra | sinosog ing roning pari | wong Balambangan | pêrange wus kalindhih ||
078.066 lir andaka tandange Ki Padurêksa | sira akuthah gêtih | panganggene basah | wong Bali sampun bubar | ya ta kasaput ing wêngi | mundur kang yuda | sakèhe wong Matawis ||
078.067 wong kabalèn Balambangan sampun susah | manahira atintrim | prang raina kalah | kathah longkang apêjah | yèn wêngi dipun amuki | akathah pêjah | gègèr sawêngi-wêngi ||
078.068 kang anama Rahadèn Wăngsakartika | pangamuke ing wêngi | Radèn Padurêksa | pangamuke raina | mila wong Bali atintrim | wong Balambangan | pan sami anglolosi ||
078.069 prajurite sêmana akathah pêjah | gêgêdhene wus mati | iya kalih pisan | wong Bali sampun têlas | kang urip pan sami mulih | wong Balambangan | bubarira ing wêngi ||
078.070 wus raina wong Mataram pan tumingal [10: 24] | yèn wus bubar kang baris | nulya atêngara | angajak ngrangsang kutha | karsane ambêboyongi | sampun lumampah | wong cili jêjarahi ||
078.071 Ki Mas Kêmbar samana sampun kapêndhak | anulya dèn cêkêli | pan sampun binasta | wong cili binêdholan | wong dalêm wus dèn boyongi | yèn ana băngga | wasisan dèn patèni ||
078.072 Balambangan sadaya ngungsi mring arga | ajar kang dipun ungsi | wastaning kang ajar | Ajar Salokantara | wong Mataram kang nututi | akathah pêjah | dèn amuk tan apulih ||
435–436 dari 1.487

 


mayit (dan di tempat lain). (kembali)