Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
79 dari 234
440–441 dari 1.487
4.396–4.405 dari 14.865
079.028 Adipati Sumêdhang wus kêni [10: 30] | binasta dènnya wong | wong wadone wus binoyong kabèh | gêdhe cili datan ana kari | wus ginawa mijil | tangisira umyung ||
079.029 wong ing Ukur ingkang dèn patèni | cacah sèwu kang wong | sampun bubar sadaya barise | tan kawarna lampahirèng margi | wus praptèng Matawis | matur ing sang prabu ||
079.030 yèn ing Ukur sampun kalah jurit | wongipun kaboyong | sampun tumpês kabèh wong lanang |[1] langkung suka de sri narapati | tan winarnèng kawi | anênggih winuwus ||
079.031 kala kangjêng sultan acangkrami | midêr-midêr kêbon | saampilan tlêmpak landheyane | wrêgu kabêkta dera wadyèstri | asring nèng kêboning | bêburon wanagung ||
079.032 sapraptaning kêkêbonan asri | jêng sultan amanggoh | kidang jalêr kalangkung galake | iku kalangênaning nrêpati | kidang amulat ing | sultan gya anêmpuh ||
079.033 kangjêng sultan wus prayitna wèsthi | ampilan ginayoh | wus ingagêm nglêmpak ing astane | kidang nandêr sultan ananggoni | andhêman ngênèni | rahing kidang nêmbur ||
079.034 nanging kidang asru pambandrênging | panêmpuhing katong | tlêmpak wrêgu sangêt mantêlunge | karana kidang prapta ing ngarsi | malah sultan kongsi | kagayor kang pupu ||
079.035 nanging datan karaos ing wêntis | panggayoring buron | kangjêng sultan dahat atêguhe | dadya tan pasah wêntis tan busik | wusing kidang mati | sultan ngandikarum ||
079.036 iya sakèhe nak putu mami | ing sawuriningong [10: 31: sawurining...ong] | aywa ana nganggo landheyane | wrêgu iku apan nêniwasi | sigêgên ling aji | dyan malih winuwus ||
079.037 kangjêng sultan jênêngira aji | kadhatone roro | ing sagara kidul satunggale | Nyai Kidul kagarwa nrêpati | mila sri bupati | kalih puranipun ||
440–441 dari 1.487

 


Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu e: sampun tumpês kabèh wong lanange. (kembali)