Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
79 dari 234
438–439 dari 1.487
4.376–4.385 dari 14.865
079.008 amariksa kanthining ajurit | Balambangan kang wong | sapa ingkang amojok jurite | samya matur sakathahing mantri | anênggih rumiyin | kang rosa prangipun ||
079.009 anadhahi pangamuke Bali | jêjênêng sang katong | Padurêksa punika wastane | wontên sadhèrèkipun satunggil | angamuk ing wêngi | langkung sêktinipun ||
079.010 pun Wăngsakartika wastanèki | ngandika sang katong | iku sapa mêngkono arane | dening ingsun durung wruh ing uni[1] | sigra awotsari | kang dinangu matur ||
079.011 nênggih nakipud[2] paman Sang Aji | Pringgalaya Katong | ingkang dumadya wêwêri rajèng | ing ngriki nguni kang lampah maling | katur ing sang aji | karuhun tinundhung ||
079.012 angandika sang sri narapati | wong sêsanak anom [10: 28: a...nom] | lamun ora nana pakewuhe | anglampahi lara lawan pati | yèn ana ajurit | iku kang angamuk ||
079.013 alah timbalana dèn agêlis | sebaa maringong | lan si adhi Padurêksa mangke | iku ngong jungjung Ki Adipati | Têpasana adhi | iku lungguhipun ||
079.014 ajajara lan santana mami | sèwu kang lêlunggoh | pra santana angèstrèni kabèh | sigra jêngkar sang nata tinangkil | malêbêt jro puri | para graha mêthuk ||
079.015 tan kawarna laminya ing mangkin | midhangêt sang katong | ing Sumêdhang Ukur pambalike | langkung dukane sri narapati | wus mijil tinangkil | wadyagung supênuh ||
079.016 para mantri wus angudanèni | yèn duka sang katong | mukanira konjêm siti kabèh | langkung ajrih mulat ing nrêpati | tan ana kumlisik | prasamya tumungkul ||
079.017 èsmu duka sang nata derangling | dhatêng wadyanya wong | ing Sumêdhang ing Ukur wartane | kang katur mring sun mêngko ambalik | gêcêkên tumuli | lan nagara Ngukur ||
438–439 dari 1.487

 


nguni. (kembali)
nakipun. (kembali)