Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
81 dari 234
449–450 dari 1.487
4.485–4.494 dari 14.865
081.014 myang wong gamêl nèng ngarsa kapering | pan punika anangkil sadaya | pra [10: 42] bupati ngarsa kabèh | santana sêpuh-sêpuh | Jêng Pangeran Purubayèki | Pangran Silarong ika | jajare alungguh | lan Pangeran Pringgalaya | Têpèngsara Prawirataruna nangkil | Pangeran Martapura ||
081.015 adipati ing Pugêr anangkil | jajarira Pangeran Balitar | Dipati Mangkubumine | lan Wiramênggalèku | Têpasana Sebajayèki | lawan Kusumayuda | Dêmang Malangipun | lan Radèn Wiranêgara | Wirasari lawan Radèn Wiramantri | Radèn Wiradipura ||
081.016 pan punika santana nrêpati | pan akathah ingkang kalangkungan | saking cupête budine | Tumênggung Singaranu | kang sumambung santana aji | sadaya pan jajarnya | pêpêkan supênuh | numbakanyar sinambungan | wong pasisir sadaya samya anangkil | miwah măncanagara ||
081.017 ingkang sadhèrèk sri narapati | Jêng Pangeran Arya wastanira | Danupaya pamomonge | ajêjuluk Tumênggung | Jêng Pangeran Arya anênggih | dawêg kumala-kala | ika wayahipun | nanging dèrèng mawi krama | pan wus nangkil munggwèng ngarsane nrêpati | jajar lawan santana ||
081.018 angandika sang sri narapati | hèh sakèhe wong ingsun Mataram | padha anyithaka kabèh | ing mangke karsaningsun | kutha Karta ingsun alihi | akarya kutha bata | Palèrèd ta ingsun | satilase kangjêng rama | datan purun ingsun arsa sun ingsêri | karya yasa priyăngga ||
081.019 lan maninge ingsun mirsa warti | Balambangan ing mêngko rinêbat [10: 43] | marang wong Bali wartane | iya Si Tawangalun | wus angidhêp maring wong Bali | lah uwa Purubaya | dika kula tantun | kadipundi karsandika | botên pantês yèn lampahana tumuli | uwa dika pikira ||
081.020 Jêng Pangeran Purubaya angling | yèn suwawi dawêg linampahan | kinawonakên jurite | lamun kawon kinêlun | binoyongan ajana kari | măngsa wande punika | anggèr dados mungsuh | sri narendra angandika | sapa sintên uwa yogyane tinuding | anglurug Balambangan ||
081.021 Adipati Purubaya angling | botên kenging kawula matura | langkung karsa nah ing anggèr | angandika sang prabu | lah ta Wiraguna sirèki | sira padandanana | sira sun kon nglurug | Si Tumênggung Danupaya | rowangira angirida wong Matawis | lah wong măncanagara ||
081.022 lah Tumênggung Mataram sirèki | angirida pasisir sadaya | mêtua nglaut jurite | nanging ta putraningsun | Ki Dipati Sampang sirèki | aja milu ayuda | iku karsaningsun | nanging ta sira tuduha | para mantri sapa ta ingkang prayogi | matur Dipati Sampang ||
081.023 sampun jêngkar sang nata tinangkil | sampun malêbêt ing dhatulaya | warnanên para mantrine | Tumênggung Singaranu | angundhangi ing wong Matawis | padha sira nyithaka | Palèrèd gènipun | sampun anyithak sadaya | kawarnaa Tumênggung Wiragunèki | sampun sami adandan ||
449–450 dari 1.487