Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
81 dari 234
449–450 dari 1.487
4.482–4.491 dari 14.865
081.011 cahyanira sang nata nêlahi | warnanira lwir pendah sasăngka | mêntas kagrahanan trange | riyêm-riyêm asêmu | cahya wêning lwir mas sinangling | lir Hyanghyang Kamajaya | sêdhênge tumurun | saking swarga maring donya | wong Mataram sangsaya awêdi asih | mring Prabu Amangkurat ||
081.012 kang aseba ngapit kanan kèri | wong kapêdhak ing wuri sang nata | gêdhong lan pamajêgane | lwir na kapêdhak agung | jagabaya ing kanan kèri | sisih wong sangkragnyana | pinilih sumambung | kartiyasa wisamarta | lan wong magang yudamênggala anangkil | katanggung jajarira ||
081.013 wirabraja aseba asisih | brajanala lawan patrayuda | kanoman ika jajare | gandhèk seba ing ngayun | mantri anom rada kapering | lawan wong ing nagara | sisih martalulut | margasa gowong ajajar | suranata kapering rada kawuri | niyaga wingking wetan ||
081.014 myang wong gamêl nèng ngarsa kapering | pan punika anangkil sadaya | pra [10: 42] bupati ngarsa kabèh | santana sêpuh-sêpuh | Jêng Pangeran Purubayèki | Pangran Silarong ika | jajare alungguh | lan Pangeran Pringgalaya | Têpèngsara Prawirataruna nangkil | Pangeran Martapura ||
081.015 adipati ing Pugêr anangkil | jajarira Pangeran Balitar | Dipati Mangkubumine | lan Wiramênggalèku | Têpasana Sebajayèki | lawan Kusumayuda | Dêmang Malangipun | lan Radèn Wiranêgara | Wirasari lawan Radèn Wiramantri | Radèn Wiradipura ||
081.016 pan punika santana nrêpati | pan akathah ingkang kalangkungan | saking cupête budine | Tumênggung Singaranu | kang sumambung santana aji | sadaya pan jajarnya | pêpêkan supênuh | numbakanyar sinambungan | wong pasisir sadaya samya anangkil | miwah măncanagara ||
081.017 ingkang sadhèrèk sri narapati | Jêng Pangeran Arya wastanira | Danupaya pamomonge | ajêjuluk Tumênggung | Jêng Pangeran Arya anênggih | dawêg kumala-kala | ika wayahipun | nanging dèrèng mawi krama | pan wus nangkil munggwèng ngarsane nrêpati | jajar lawan santana ||
081.018 angandika sang sri narapati | hèh sakèhe wong ingsun Mataram | padha anyithaka kabèh | ing mangke karsaningsun | kutha Karta ingsun alihi | akarya kutha bata | Palèrèd ta ingsun | satilase kangjêng rama | datan purun ingsun arsa sun ingsêri | karya yasa priyăngga ||
081.019 lan maninge ingsun mirsa warti | Balambangan ing mêngko rinêbat [10: 43] | marang wong Bali wartane | iya Si Tawangalun | wus angidhêp maring wong Bali | lah uwa Purubaya | dika kula tantun | kadipundi karsandika | botên pantês yèn lampahana tumuli | uwa dika pikira ||
081.020 Jêng Pangeran Purubaya angling | yèn suwawi dawêg linampahan | kinawonakên jurite | lamun kawon kinêlun | binoyongan ajana kari | măngsa wande punika | anggèr dados mungsuh | sri narendra angandika | sapa sintên uwa yogyane tinuding | anglurug Balambangan ||
449–450 dari 1.487