Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
81 dari 234
448–449 dari 1.487
4.472–4.481 dari 14.865
81. Dhandhanggula
081.001 kala sêmana dèn sêngkalani | bujăngga manggih wisiking nata |[1] poma èngêtêna kabèh | wadya pan sampun rawuh | ing pasowan atata linggih | pêpak wadya Mataram | anèng alun-alun | pan sami arêrêmbagan | kang jumênêng narendra anèng Matawis | mantri pêpak sadaya ||
081.002 kawarnaa sira Adipati | Purubaya wus anèng paseban | alinggih ing paglarane | pangandikanirasru | wong Mataram wruhanirèki | nagara ing Mataram | ingsun kang jêjuluk | nora nanane sang nata | iya ingsun kang parentah ing Matawis | sapa ingkang malanga ||
081.003 têkakêna karosanirèki | sakathahe santana Mataram | ingsun mungsuhira mangke | pra santana tumungkul | pra dipati prasamya ajrih | mantri wêdi sadaya | tan ana kang purun | mring Pangeran Purubaya | samya anut tan ana sawalèng budi | datan lêngganèng karsa ||
081.004 Adipati Purubaya angling | ingkang putra anulwa[2] ingangkat | Pangran Arya Matarame | lininggihakên sampun | ing dhêdhampar gadhing rinukmi | kasur babut sinulam | lininggihan [10: 40: lininggih...an] sampun | Jêng Pangeran Purubaya | sigra lèngsèr pinarak lan pra dipati | kagyat para santana ||
081.005 sakathahe mantri ing Matawis | nora nyana Pangeran Prubaya | mêngko karêpe sêmene | dadya sangsaya katut | sakathahe mantri Matawis | samya ngangkat sadaya | tan ana kang nyandhung | para santana sadaya | tuwa anom sampun sami angèstrèni | dhatêng sri naranata ||
081.006 Dhatuk Sarip miwah para aji | pandhita angèstrèni sadaya | pangulu lawan kêtibe | donganipun jumurung | yèn Pangeran Arya Matawis | jumênêng ing Mataram | amêngku kadhatun | jumênêng Kangjêng Susunan | Amangkurat Senapati tanah Jawi | jêjuluk Ngabdulrahman ||
081.007 Sayidin Anata ing Agami | wong Mataram pan atrêp sadaya | miwah pra dipati kabèh | măncanagara takut | wong pasisir prasamya ajrih | tan winarna laminya | dènnya madêg ratu | ing Mataram Bangunkarta | wus kasusra ing tanah sabrang nrêpati | ratu tanpa sisihan ||
081.008 tan winarna lamine ing mangkin | sri narendra arsa sinewaka | ing dina Soma mangsane | upacara wus mêtu | sri bupati anulya mijil | ginrêbêg ing badhaya | kyèhnya pitung lajur | sami lumampah ing ngarsa | samya ngampil upacaranira asri | kuthuk lawan lantaran ||
081.009 kêkayu[3] mas lawan sawunggaling | kacapuri gandhèk anèng ngarsa | ardawalika jajare | waos ampilanipun | samya ngapit [10: 41: nga...pit] ing kanan kèri | pêdhang lawan sarampang | parêk lan sang prabu | magêrsarine akapang | towok tulup panah pêdhang tamèng tamsir | amyang kang tumbak sulam ||
081.010 priyantaka munggwèng ngarsa têbih | saragêni ajajar atarap | kang kăndha ngapit margane | sang prabu wus tumurun | ing sitinggil lampahnya aris | dhatêng bangsal witana | pagêlaranipun | wus pinarêk ing dhêdhampar | sri narendra citranya tuhu apêkik | watêk prabu taruna ||
448–449 dari 1.487

 


Tanggal: bujăngga manggih wisiking nata (AJ 1558). Tahun AJ 1558 jatuh antara tanggal Masehi: 5 Juni 1636 sampai dengan 24 Mei 1637. (kembali)
anulya. (kembali)
kêkacu. (kembali)