Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
81 dari 234
451–452 dari 1.487
4.503–4.512 dari 14.865
081.032 lan malihe kawula akait | lawan Mantri Mataram sasigar | kadi kawula kajênge | samangsane pukulun | jêng pangeran nindaki jurit | pasthi wong ing Mataram | sayuk ambiyantu | Pangeran Arya ngandika | Pasingsingan aja atari ing mami | ingsun darma punapa ||
081.033 ataria ing lêlurah mami | lah jalukên budine sadaya | wong [10: 46] akèh apa karêpe | Ki Pasingsingan muwus | mring lêlurah kang agêng alit | kadipundi sadaya | pra lêlurah muwus | inggih lêrês jêngandika | sampun tita pangarêp-arêpe kang sih | susunan ing Mataram ||
081.034 jêng pangeran angandika aris | yèn mêngkono iku karsaningwang | nanging ta dèn padha rèrèh | ngong raose karuhun | lan maninge ana ngong anti | Si Bapa Danupaya | kang langkung anglurug | umatur Ki Pasingsingan | kadar pintên angantos tiyang satunggil | ing mangke kalamăngsa ||
081.035 pan kawula ing mangke puniki | apan sampun dipun kira-kira | dening wong Mataram kabèh | winastanan anjunjung | ing sampeyan madêg narpati | yèn botên tumuntêna | pan kawula lampus | susunan sampun miyarsa | pan uninga yèn kawula salah ati | angangkat mring sampeyan ||
081.036 kajêng kawula gusti ing mangkin | yèn asawawi lan karsa tuwan | kawula purih silibe | samasa mangsanipun | katungkula wadya Matawis | kula amuk kewala | sing paseban kidul | nanging gusti jêngandika | lamun wontên gègèr kabèh wong Matawis | tuwan sampun salaya ||
081.037 jêng pangeran angandika aris | Pasingsingan apa aturira | yêkti ingsun dhèrèk bae | Ki Pasingsingan matur | adhuh gusti sampun kuwatir | dhatêng dipun pracaya | kawula anuhun | ayun mantuk rêrêmbagan | Pasingsingan anêmbah anulya mijil | mantuk mring wismanira ||
081.038 tan kocapa [10: 47] Pasingsingan iki | kawarnaa Pangeran Prubaya | dhumatêng ing kadhatone | umarêk ing sang prabu | sampun prapta sajroning puri | pan ngaturi uninga | ingandikan sampun | sapraptanira ngajêngan | wus alinggih ing ngarsanira nrêpati | sang prabu angandika ||
081.039 lah uwa baya ta wontên kardi | kadosngarèn malêbêt ing pura | pangeran alon ature | kawula asung wêruh | rayi tuwan Radèn Mas Alit | ing mangke ingadonan | dening pun Tumênggung | Pasingsingan ingkang ala | rayi ndika pinrih purun ing nrêpati | arêbat palênggahan ||
081.040 yèn tan wuntên pinapas tumuli | rayi dalêm pasthi kababaran | punika ing satêmahe | pun Pasingsingan baud | pasthi rayi paduka aji | dèrèng wruh ing wêweka | watêk maksih timur | ginunturan ing wong ala | pasthinipun punika têka nuruti | amêngsah sri narendra ||
081.041 sri narendra kumêjot kang lathi | amiyarsa ature kang uwa | duka sajroning manahe | dènnya ngandika asru | lah ta uwa ing karsa mami | yèn têmên ingkang warta | iku karsaningsun | Si Tumênggung Pasingsingan | pinatenan wiyahêna yèn tan mati | pasthine dadi gêndra ||
451–452 dari 1.487