Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
81 dari 234
452–453 dari 1.487
4.512–4.521 dari 14.865
081.041 sri narendra kumêjot kang lathi | amiyarsa ature kang uwa | duka sajroning manahe | dènnya ngandika asru | lah ta uwa ing karsa mami | yèn têmên ingkang warta | iku karsaningsun | Si Tumênggung Pasingsingan | pinatenan wiyahêna yèn tan mati | pasthine dadi gêndra ||
081.042 jêngandika uwa benjing-enjing | mêdalana karya pababatan | Pasingsingan bubuhane | pan wus sami anambut | Pasingsingan yèn sampun prapti | anuli sudukana | dening sirahipun | uwa katura maringwang | Jêng Pangeran Purubaya sigra [10: 48: si...gra] amit | dhatêng sri naranata ||
081.043 Pangeran Purubaya wus mijil | saking puragya mantri Mataram | sampun winangsitan kabèh | sami prayitna sampun | tan kawarna mantri Matawis | enjinge kang kocapa | pangeran wus mêtu | jêjênêngi mring pabatan | wong Mataram eca dènnya nambut kardi | saprênah-prênahira ||
081.044 ênêngakêna kang nambut kardi | Tumênggung Pasingsingan winarna | wus rêmbug lawan putrane | kang nama Grayudèku | apan sampun winêling-wêling | lah poma kulup sira | ngaria karuhun | lan sakulawarganira | iya padha padandana tumuli |[1] sakapraboning yuda ||
081.045 dening ingsun kulup kang rumiyin | ingsun anambut karya bêbata | ana paseban kidule | yèn wong bêbata iku | wan-awanan yèn wus amulih | dening ing mêngko sira | sun utusi iku | anuli sira praptaa | lan sagêgamanira ajana kari | sêsampuning mamêkas ||
081.046 Tumênggung Pasingsingan siraglis | sampun mangkat saking wismanira | prapta paseban kidule | praptane ki tumênggung | lampahira adhingkik-dhingkik | ngulap-ulap amangwang | wong nambut karyèku | Jêng Pangeran Purubaya | wus uninga Pasingsingan lagi prapti | pan sampun rinakitan ||
081.047 wus cêlak cinêluk ing amanis | Tumênggung Pasingsingan dèn enggal | lah alinggiha ing kene | sigra lampahe gupuh | Pasingsingan prapta ing ngarsi | lampahe mêndhak-mêndhak | sarêng arsa lungguh | mantri sampun [10: 49: sampu...n] kinêjepan | sakathahe wus sami uningèng wangsit | nulya sarêng narajang ||
081.048 Pasingsingan apan dèn suduki | datan kongsi sagêd amalêsa | tan kongsi konus dhuwunge | Pasingsingan wus lampus | kang angiring ebat ningali | gya lumayu sadaya | wau murdanipun | Pasingsingan wus tinigas | gya jinambak kang murda nulya cinangking | pan sampun winadhahan ||
081.049 wus katur dhatêng Sang Adipati | Purubaya saksana binêkta | marêk ing sang prabu age | kang pura Karta iku | ênêngêna ika rumiyin | warnanên Agrayuda | anèng wismanipun | pan wus sinungan wruh ika | yèn kang rama sampun anêmahi pati | mastaka wus tinigas ||
081.050 apan pêjahe dipun suduki | Agrayuda dupi amiyarsa | sakalangkung ing krodhane | gya ngrasuk busana wus | anyuriga kris wus kulambi | sigra anitih kuda | nandêr lampahipun | sarya ngagêm waosira | kulawăngsa binêkta ical ing margi | Grayuda kadhewekan ||
452–453 dari 1.487

 


Kurang satu suku kata: iya padha apadandana tumuli. (kembali)