Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
82 dari 234
458–459 dari 1.487
4.580–4.589 dari 14.865
082.026 jêng pangeran binabayang mring pagongan | sakèhe wong Matawis | ingkang angrêrămpa | sakathahing santana | atêbah jaja saryangling | dhuh gustiningwang | wus karsaning Hyang Widi ||
082.027 Jêng Pangeran Salarong sigra mariksa | apane ingkang kanin | katur busik ika | pangeran [10: 60: pange...ran] angandika | pasthi iku lamun mandi | luwange saban | Si Setankobêr dhingin ||
082.028 sok tibaa pucukèku gawe răndha | ênêngêna dipati | warnanên pangeran | layone wus binêkta | maring ing bangsal pangrawit | katur ing nata | duka yayah sinipi ||
082.029 nulya miyos sang ibu lawan sang nata | kang rayi dèn tangisi | pra êmban karuna | sêsambate mlasarsa | dhuh sultan dika tingali | têtilar dika | tan kêna dèn tuturi ||
082.030 lah ing mêngko sira nêmahi pralaya | dhuh anak ingsun gusti | sira kaprawasa | mêngko lah kaya ngapa | sira nêmahi pribadi | Pangran Prubaya | asru dènira angling ||
082.031 lah ta sampun punapa kang rinasanan | wus karsaning Hyang Widi | putra jêngandika | umure mung sapala | pan sampun dipun bêciki | pangran layonnya | warnanên sri bupati ||
082.032 angandika sang nata atuntung duka | sapa kang anangani | dening wong Mataram | têka nglirwakkên wêkas | yayi mas kongsi ngêmasi | sigra Pangeran | Silarong atur bêkti ||
082.033 inggih dene wong Mataram kang tumandang | wong Sampang kang mêjahi | kang sami katrêsnan | ing gustine palastra | marmane supe ing gusti | sarêng narajang | radèn rinêbut wani ||
082.034 wong Madura akathah longe kang pêjah | pun adipati mati | ya ta sri narendra | suka sajroning nala | ariningsun maksih cili | bela dipatya | mandaha wusa akir ||
082.035 angandika sang nata ing wadyanira [10: 61: wadya...nira] | adhi mas sun belani | anulya pinêrang | baunira sang nata | pasah ludira umijil | nata ngandika | wus lêga ati mami ||
458–459 dari 1.487