Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
82 dari 234
456–457 dari 1.487
4.556–4.565 dari 14.865
082.002 lah ta uwa mêngko yèn si adhi sida | iya angantêp jurit | ing karsa manira | saprayogane lampah | nging aja tumêkèng pati | oleha pira | pêpati ing Matawis ||
082.003 atusana ewona lêksan kêthèna | dèn amuke si adhi | ajana anglawan | dèn kêpunga kewala | sun prih têkaa mariki | manawa kêna | sun pituturi ririh ||
082.004 sampun mijil Jêng Pangeran Purubaya | undang wadya Matawis | miyarsa sadaya | ênêngêna saksana | warnanên Radèn Mas Alit | sampun lumampah [10: 57] | sawadyanya angiring ||
082.005 jêng pangeran warnanira kadi bangbang | mudhun saking ing ardi | anyamping samboja | pasingsêt cindhe kêmbang | rasukan baludru wilis | murub rinenda | lancingan panji-panji ||
082.006 ajamang mas kinatipa tinatrapan | baèl mail rinakit | dhuwung anyuriga | Setankobêr wastanya | gumrudug lampahirèki | prapta ing pasar | gègère tan sinipi ||
082.007 kangjêng pangeran aris dènnya ngandika | hèh sakèhing pawèstri | ajana kang obah | têka apêpasara | măngsa ngaraha pawèstri | pan karsaningwang | sira kang sun kukuhi ||
082.008 jêng pangeran wus prapta ing pangurakan | dangu dènnya anganti | mantri ing Mataram | kang sami asêmaya | pangeran ngandika aris | hèh wong Mataram | padha angapirani ||
082.009 ing sanggupe samăngsa ingsun ngamuka | mingêr milu ing kami | mêngko padha cidra | ya ta wong pangeranan | uninga yèn wong Matawis | cidra ngubaya | prasamya anglolosi ||
082.010 sigra angling Pangeran Alit ing wadya | de cidra wong Matawis | lah ta kaya ngapa | yèn ingsun undurana | pan wus karsaning Hyang Widi | sigra umangsah | arsa angamuk wani ||
082.011 wong Mataram baris ngalun-alun aglar | nulya tinêmpuh wani | sing pinarag bubar | pan ora linawanan | mung bature kang kapêncil | wong Danupayan | punika dèn patèni ||
456–457 dari 1.487