Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
82 dari 234
459–460 dari 1.487
4.587–4.596 dari 14.865
082.033 inggih dene wong Mataram kang tumandang | wong Sampang kang mêjahi | kang sami katrêsnan | ing gustine palastra | marmane supe ing gusti | sarêng narajang | radèn rinêbut wani ||
082.034 wong Madura akathah longe kang pêjah | pun adipati mati | ya ta sri narendra | suka sajroning nala | ariningsun maksih cili | bela dipatya | mandaha wusa akir ||
082.035 angandika sang nata ing wadyanira [10: 61: wadya...nira] | adhi mas sun belani | anulya pinêrang | baunira sang nata | pasah ludira umijil | nata ngandika | wus lêga ati mami ||
082.036 ingkang layon jêng pangeran wus pinêtak | ing astana Magiri | dagane kang rama | pan kocap ing carita | sang nata adarbe ciri | gèthèk baunya | wawasi kang rumiyin ||
082.037 duk Pangeran Silarong mring Balambangan | amatèni wawasi | adarbe pratignya | arsa malês ing pêjah | yèn ana ratu Matawis | gèthèk baunya | surup ingsun ing benjing ||
64. Tumênggung Wiraguna campuh kalihan wadyabala Balambangan
082.038 ênêngêna Mataram ingkang kocapa | kang kesah anglurugi | marang Balambangan | Tumênggung Wiraguna | lampahira sampun prapti | tapêl watêsnya | Pasuruan abaris ||
082.039 sakathahe pra mantri pêpak sadaya | miwah măncanagari | Kyai Wiraguna | kang dadi senapatya | asmaradana panumping | Ki Danupaya | sami mantri panumping ||
082.040 linggihipun apan tunggal lan santana | pan kinon angêmbani | mring Pangeran Arywa | kinèn milu ngluruga | pan sampun atata baris | dyan kawarnaa | ing Balambangan nênggih ||
082.041 Balambangan pan sampun obah sadaya | wong Bali wus bantoni | pan sampun siyaga | sagêgamaning yuda | wus mêdal saking nagari [10: 62: na...gari] | ayun-ayunan | kalawan wong Matawis ||
082.042 Ki Tumênggung Wiraguna undhang-undhang | arsa angantêp jurit | ing dina Jumungah | sampun yitna sadaya | sampun praptèng têpis wiring | enjang kawarna | bêndhe munya tinitir ||
459–460 dari 1.487