Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
82 dari 234
463–464 dari 1.487
4.622–4.631 dari 14.865
082.068 wong Blambangan samana sampun kelangan | dipatine satunggil | Ki Wiranagara | lumayu ngalor ngetan | palayune sipat kuping | mung bojonira | pinêlêng arsa ngili ||
082.069 wong Mataram prasamya sira bêbandhang | panganggene kang mati | kêris tulup pêdhang | prajurite kang pêjah | prasamya dipun bêciki | ingkang prayoga | jisim binêkta mulih ||
082.070 pan wong Bali Balambangan kinêthokan | ya ta kasaput wêngi | sami masanggrahan | sadalu parêmbugan | pan sami arsa mangungsir | mring kithanira | sampun lolos ing wêngi ||
082.071 Tawangalun kalawan Wiranagara | sami ngungsi mring Bali | Kyai Wiraguna | asru dènnya ngandika | angatag ing para mantri | ambêboyonga | poma ajana kari ||
082.072 wus lumampah samya bêboyong [10: 66] sadaya | wong Balambangan ênting | sami kinarakad | cacahe kang ginawa | sèwu limang atus nênggih | sarupaningwang | cacah êndhas winilis ||
082.073 Ki Tumênggung Wiraguna wus miyarsa | warta saking Matawis | yèn Pangeran Arya | sampun seda ing rana | angamuk ing sri bupati | pun Pasingsingan | kang dadi setan bêlis ||
082.074 Ki Tumênggung Danupaya amiyarsa | langkung dènira tintrim | anulya karuna | sêsambate mlasarsa | dhuh pangeran gusti mami | sampun salaya | ingsun gawanên gusti ||
082.075 Ki Tumênggung Wiraguna ciptanira | yèn ingsun iki mulih | măngsa ta uripa | susunanku tan arsa | angawulakkên ing kami | nadyan matia | angur matia jurit ||
082.076 Ki Tumênggung Wiraguna rêrêmbugan | lawan mantri Matawis | lan măncanagara | karsane ambanjura | ambêdhah nagarèng Bali | wong Balambangan | ing Bali kang dèn ungsi ||
082.077 Tawangalun kalawan Wiranagara | padha ngungsi ing Bali | ginêcêk wasisan | nagri ing Balambangan | măngsa wande dados kardi | sampun mupakat | sakèh para bupati ||
463–464 dari 1.487