Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
82–83 dari 234
465–466 dari 1.487
4.648–4.657 dari 14.865
082.094 lan sakèhe anak putuningsun benjang | yèn ingsun têkèng pati | têka pirabara | yèn dèn kawulakkêna | mring Sri Bupati Matawis | karana ngapa | padha ngasmarapati [10: 69] ||
83. Asmaradana
083.001 sadaya sami anangis | miyarsa wêwêkasira | lara-lara sêsambate | Ki Tumênggung Wiraguna | saya sangêt kang gêrah | manahe saya anglayung | sêdyane age matia ||
083.002 datan kawarna ing margi | prapta ing Kadhiri sira | sêmana amundhut loloh | wus ingunjuk lolohira | ri sampuning karasa | nulya seda ki tumênggung | tinangisan ing santana ||
083.003 kunarpa wus dèn bêciki | karsane santananira | layone ginawa mulèh | nanging sami acawêngah | dening wawêkasira | sigra aputusan mantuk | sampun ngaturi uninga ||
083.004 yèn Ki Wiraguna mati | Ki Tumênggung Danupaya | kalangkung sangêt sakite | Balambangan sampun bêdhah | sèwu kang bêboyongan | sigra aputusan sampun | lampahe asêsandêran ||
083.005 datan kawarna ing margi | wus prapta nagri Mataram | ya ta katur ing sang katong | saature kang utusan | purwa têkèng wasana | sri narendra langkung bêndu | anulya ngutus ing wadya ||
083.006 lah ta wong singanagari | martalulut lumampaha | papagêna ing lakune | Si Tumênggung Wiraguna | jisime dèn pêndhêma | yèn kapapag ing dêlanggung | sanak putune sadaya ||
083.007 kang sami mêksiha urip | iku padha patènana | putusan wus mentar kabèh | datan winarna ing marga | lampahe sampun prapta | sadaya sampun kapêthuk | anjujug ing pamondhokan ||
083.008 anak putune kapanggih [10: 70: ka...panggih] | sadaya wus sinudukan | pan kalih wêlas kathahe | sadaya wus sami pêjah | pinêtak anèng kana | asmaradana winuwus | ambabarakên gêgaman ||
083.009 Ki Danupaya mirsèki | jisime Ki Wiraguna | pinêndhêm anèng ênggone | anak putu pinêjahan | sadaya manahira | Danupaya pan anglampus | sangsaya sangêt kang gêrah ||
465–466 dari 1.487