Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
83 dari 234
473–474 dari 1.487
4.729–4.738 dari 14.865
083.081 sampun katur ing sang aji | yèn pun paman Surabaya | umarêk dhatêng sang katong | nulya agya tinimbalan | wus prapta ing ngajêngan | cundhuk lawan sang aprabu | alinggih ayun-ayunan ||
083.082 Pangeran Surabaya ngling | matur dhatêng sri narendra | kawula singgih sang katong | angaturakên bakisar | mila katur punika | dening endah warnanipun | purwanipun kang bakisar ||
083.083 igih[1] bakisar puniki | pawèstri asale kina | sampun sawulan lamine | lami-lami dados lanang | warnanipun apelag | dhatêng sagêd akaluruk | mangke konjuka sang nata ||
083.084 sri narendra anampèni | bakisar sarwi ngandika | anêdha ing pracayane | paman ing sih jêngandika | sri narendra asuka | nanging duka jroning kalbu | osiking nala mangkana ||
083.085 bisa nuksmèng agal alit | ing wêweka sampun nêlas | graita landhêp pasêmon | Jêng Pangeran Surabaya | sampun kinèn mantuka | sêmana pan sampun mantuk | warnanên sri naranata ||
083.086 enjing sang nata tinangkil | pinarêk ing kamandhungan | maksih kagugu manahe [11: 5: manah...e] | kang paman ing Surapringga | ngaturakên bakisar | pawèstri purwakanipun | lami-lami dadi lanang ||
083.087 sang nata emute[2] galih | wirayate ing Mataram | susunan panjênêngane | tan ana lwan kang gumantya | lyan putra kang atuwa | patut ing Surabayèku | sri narendra angandika ||
083.088 maring sakèh para mantri | mantri ing lêbêt kewala | hèh sakèhe wadyaningong | si paman ing Surabaya | wingi awèh bakisar | pawèstri purwakanipun | lami-lami dadi lanang ||
083.089 pangrasane ati mami | paman Surabaya kaya | awèh sasêmon maringong | idhêp karêpe si paman | anake pan wanodya | ing mêngko wus asêsunu | putune pan mêtu lanang ||
083.090 anak ingsun ki dipati | mêngko pan sampun diwasa | pantês jumênênga katong | iku sêmune si paman | ingsun kinèn sèrèna | bakisar katur maringsun | pantês ana jroning pura ||
473–474 dari 1.487

 


inggih. (kembali)
emut ing. (kembali)