Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
83 dari 234
474–475 dari 1.487
4.739–4.748 dari 14.865
083.091 ingsun pan kinon gumingsir | putune kang jumênênga | mêngkono iku sêmune | si pamane Surabaya | dene anggege măngsa | wong atuwa nora patut | dèn eman anggege măngsa ||
083.092 sakathahing para mantri | langkung sami ajrihira | mirsa sang nata bêndune | nulya bubar sri narendra | malêbèng kênyapura | tan winarna lamènipun | wong jêro kathah miyarsa ||
083.093 wus misuwur sanagari | pangeran ing Surabaya | sampun miyarsa wartine | yèn sang nata sangêt [11: 6: sa...ngêt] duka | marga saking bakisar | kalangkung ing ajrihipun | tinarka atur sasmita ||
083.094 tanpa nyana tanpa ngipi | darbe raos kang mangkana | sang nata salah tampane | dadya Pangran Surabaya | arsa marêk ing nata | atur pêjah gêsangipun | sarayatipun binêkta ||
083.095 miwah ingkang para rabi | santana jalu wanodya | punika binêkta kabèh | pangeran ing Surabaya | sampun lumampah seba | ênêngakêna karuhun | warnanên sri naranata ||
083.096 enjing sang nata tinangkil | dening mantri kulawarga | prasamya pêpêkan kabèh | pêpak andhèr pagêlaran | dening sri naranata | pinarêk ing sitiluhur | pêpak wong jêro sadaya ||
083.097 sang nata sigra dènnya ngling | angulawisudhèng putra | ratu wetan têtilare | putra wawratan bêbêktan | sampun sinungan nama | anênggih jêjulukipun | Radèn Arya Natabrata ||
083.098 kawarnaa Adipati | Surabaya sigra mangsah | karsanira ayun pepe | anak putune binêkta | miwah kang para garwa | wus praptèng waringin kurung | sami asèlèh curiga ||
083.099 watara kathahirèki | anak putune sadaya | miwah kang para garwane | anênggih sawidak papat | Pangeran Surabaya | mangrêpa-rêpa tumungkul | pan sampun asrah ing Suksma ||
083.100 mangkana sri narapati | pinarêk anèng dhêdhampar | kagyat ningali wong pepe | dening kathah tiningalan | wong ngêndi ika baya | nèng ngandhap waringin kurung | paran pinèpèkkên [11: 7: pi...nèpèkkên] ika ||
474–475 dari 1.487