Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
84–85 dari 234
477–478 dari 1.487
4.768–4.777 dari 14.865
084.016 sang nata aris ngandika | mênggah-mênggah dènira ngling | ingkang botên-botên paman | agêgancar ing pawarti | pocapan ingkang sêngit | angadon-adoni tutur | paman dados punapa | yèn anggugua pawarti | pan kawula botên rumaos yèn duka ||
084.017 agoroh ingkang pawarta | paman ngandêla ing galih | sayêktine ngriki datan | wontên ujar kang kayèki | edane kang pawarti | kawula pan maksih maklum | nagara ing Mataram | ing benjing sapungkur mami | yèn manira sampun pinundhut Hyang Suksma ||
084.018 wus parentahing Hyang Suksma | kang kinarya madêg aji | anggêntèni ing manira | pinasthi tan kêna gingsir | ing benjing akir mami | pasthi lamun putraningsun | ujar ingkang acêtha | angadêg dede ing ngriki | Wanakarta kadhatone kaki putra ||
084.019 inggih kadhaton Mataram | kawula ingkang mêkasi | datan kêna singgahana | sampun jangjining rumiyin | Mataram salin kardi | puput panjênêngan ratu | angalih Wanakarta [11: 11: Wana...karta] | sapatiningsun ing wingking | sigra matur pangeran ing Surabaya ||
084.020 sun têtêdha ing Hyang Suksma | sampun salin-salin aji | lan sampun kongsi kaliya | tan ana pantês nagari | liyanê ing Matawis | sun têdha maksih akukuh | tan ana kang prayoga | ing rat jagat tanah Jawi | mung Mataram kang pantês dadi kadhatyan ||
084.021 sri narendra angandika | pan wus karsaning Hyang Widi | rusaking Mataram benjang | dening putraningsun iki | ki prabu anom nênggih | kawitan nagara lêbur | Pangêran Surabaya | langkung gêgêtun ing ati | amiyarsa panyêthane sri narêndra ||
084.022 sri naranata ngandika | lah paman ing Surabanggi | andika mantuka enggal | sampun anggugu pawarti | ingkang dadi pawarti | sakathahe dika têmu | botên sêdya mangkana | tan anyana tan angipi | ingkang paman pamit mentar lan kang garwa ||
084.023 sang nata jêngkar sineba | malêbêt ing kênyapuri | ginarêbêg ing badhaya | nênggih pitung rancak sisih | tur sami ayu lêwih | warnane kang para arum | dening wau Pangeran | Surabaya sampun mijil | ing pasowan kang mulat lwir guladrawa ||
85. Dhandhanggula
67. Sahoyi tiyang èstri ingkang andadosakên gêndra
085.001 Adipati Surabaya mulih | sarayate pan mantuk sadaya | sampun prapta ing wismane | tan kawarna ing dalu | kawarnaa sri narapati | animbali ing wadya | karsane [11: 12: kar...sane] ingutus | wong mantri jêro wastanya | Wăngsatruna kalawan Ki Yudakarti | sarêng prapta ing ngarsa ||
085.002 angandika sang sri narapati | Yudakarti lan Wăngsataruna | sira mintara dèn age | ngulatana sirèku | wong pawèstri ingkang abêcik | ingkang layak kagarwa | ya ring jênêng ingsun | pasisir măncanagara | ulatana dening ta wawêkas mami | yèn ana banyu gănda ||
477–478 dari 1.487