Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
85 dari 234
480–481 dari 1.487
4.794–4.803 dari 14.865
085.019 sampun katur dhatêng sri bupati | kang utusan ngulari dyah endah | angsal nanging maksih lare | èstri sigra pinundhut | tiningalan ing sri bupati | sri narendra karênan | sakalire pêthuk | cuwane sri naranata | pan wanodya kapalang durung birahi | sang nata angandika ||
085.020 maring nyai Wirarêja aris | lah gawanên mulih wismanira | lare kulahên awake | besuk yèn mangsanipun | èstri iku sêdhêng birahi | ing besuk lêbokêna | sigra awotsantun | Wirarêja sigra mêdal | sang dyah rara pan sampun binêkta mulih | maring Kawirarêjan ||
085.021 ênêngêna [11: 16: ênêng...êna] ingkang sampun mulih | nyai Wirarêja praptèng wisma | wontên kang winarna malèh | anênggih garwanipun | jêng pangêran ing Singasari | sêmana kacarita | ulah lambangsantun | lawan jêng pangran dipatya | malah asasêcan dènnya lambangsari | lan pangeran dipatya ||
085.022 mangkana prasêtyanirèng nguni | pangran dipati mring sang kusuma | lah iya besuk ing têmbe | yèn ingsun madêg ratu | aywa sira sumêlang ati | pasthi ing besuk sira | sun jênêngkên ratu | iku yayi èstokêna | nanging kang garwa Pangêran Singasari | sêmu kalirwèng ujar ||
085.023 apan adarbe rêmênan kalih | radèn ayu ingkang rinêmênan | Radên Dhobras kêkasihe | dadya alambangsantun | lawan Radèn Dhobras puniki | dene Dhobras punika | apan arinipun | kang ibu pangran dipatya | dahat suka sêmana pangran dipati | sêtyane ingoncatan ||
085.024 apa malih Pangran Sisangari[1] | apan asangêt ing dukanira | dening ing wau garwane | aulah lambangsantun | lawan Radên Dhobras anênggih | nanging pangran dipatya | sêmana pan durung | kawanguran dènnya ulah | lambangsantun lan garwanira kang rayi | kapalang ingoncatan ||
085.025 mila tan taha pangran dipati | dènnya angling Pangran Singasêkar | mangkana pangandikane | adhi kayapa iku | de rabinê alambangsari | lawan si paman ika | kayapa sirèku | sênadyan iku si paman | yèn ala tekade piangkuh tan bêcik | luwih [11: 17] ing karsanira ||
085.026 nuntên Radèn Dhobras dèn apusi | dhatêng ing Pangeran Singasêkar | mring kêbon alas puruge | sapraptane ing ngriku | Radèn Dhobras dipun pêjahi | gènnya ambucal tilas | linêbêtkên sumur | nulya tinanêman pisang | pan sinamun marmanê ika katitik | wong dèrès kang uninga ||
085.027 wusing prêmana gènnyasal titik | gya kêbon alas ginarudugan | anulya dhinudhuk age | wadyakèh kang andhudhuk | duk kapanggih kang punang jisim | marêngi punang arga | Marapi gumludhug | kang jisim sampun pinêtak | kawarnaa kang ardi anggêgirisi | swara kadya rubuha ||
085.028 gumaludhug tan pêgat swarèki | lajêng ladhu mudhun alorodan | saking arga anut lèpèn | myang kang sela atarung | pêcahira atêmah agni | ing pancorot katingal | anglir udan apuy[2] | ambèr nêmpuh padêdesan | pan akathah desa kang katêmpuh bêsmi | kathah longe wong pêjah ||
480–481 dari 1.487

 


Singasari. (kembali)
apu. (kembali)