Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
86 dari 234
483–484 dari 1.487
4.823–4.832 dari 14.865
086.016 adhuh gusti amba apan darmi | anggadhuh kemawon | gêgadhahanê ramandikanggèr | asalipun pawèstri puniki | saking Surabanggi | Mangunjaya sunu ||
086.017 duk kapanggih èstri dèrèng akir | kature sang katong | tiningalan mring nata gêdhene | dadya ginadhahakên[1] ing mami | benjing yèn birahi | karsane pinundhut ||
086.018 dika dalêm benjing yèn birahi | aturna maringong | mangke sang dyah sêdhêng birahine | benjing Kêmis arsa kawulèki | kasaoskên gusti | katura sang prabu ||
086.019 jêng pangeran amiyarsa warti | sangsaya anglamong | sigra bubar tan amit undure | wus anitih kuda cinamêthi | anandêr kapati | kang angiring kantun ||
086.020 sampun prapta ing dalêmirèki | lajêng mring paturon | pan kalangkung kasmaran galihe | sang dyah rara kacipta ing ati | tan kêna abukti | tansah mangu-mangu ||
086.021 êmban inya garjita ing ati | mulat ing sang anom | dene [11: 21: de...ne] tan kêna dhahar asare | wus kaduga ingkang dadi brangti | kèn êmban agipih | dhatêng eyangipun ||
086.022 tan asuwe kèn êmban wus prapti | Surabayan kang wong | nikèn êmban anangis ature | aturira êmban mring dipati | wayah dika gusti | tansah lêng-lêng mangu ||
086.023 pan kasmaran wingi aningali | ing dyah ayu kaot | Wirarêja pawèstri ênggone | sêsêngkêranira sri bupati | asaling pawèstri | ing Surabayèku ||
086.024 atmajane pun Mangunjayèki | pinundhut sang katong | pan punika kang dados brangtine | wayah tuwan tan kêna aguling | datan arsa bukti | mangke têksih mujung ||
086.025 jêng pangeran kagyat miyarsèki | aturing pamongmong | pan kewuhan sajroning nalane | saking ajrih maha sri bupati | dan Sang Ratu Pêkik | manahe anglampus ||
483–484 dari 1.487

 


ginadhuhakên. (kembali)