Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
86–87 dari 234
484–485 dari 1.487
4.835–4.844 dari 14.865
086.028 apan iya mas putu dipati | kedanan wong wadon | pan sang nata sêsêngkêranane | mêngko payo padha labuh pati | kang garwa nuruti | kinanthi kang putu ||
87. Kinanthi
087.001 sang adipati amuwus | saosa tandhu lan joli | kang kinon [11: 22: kino...n] sigra lumampah | tandhu joli wus cumawis | sang adipati lumampah | kang para garwa angiring ||
087.002 para garwa nitih tandhu | pawongan lumampah sami | tan kawarna lakunira | Kawirarêjan wus prapti | kang tunggu lawang tumingal | yèn ratu pêkik kang prapti ||
087.003 sampun matur gustinipun | Ki Wirarêja agipih | amêthuk ing paregolan | mêndhak sarwi matur bêkti | Ki Wirarêja aturnya | sampeyan pinarêk ngriki ||
087.004 kawula turi tumanduk | ing wisma kawula gusti | wus lumêbu akaliyan | miwah sêlir para nyai | sami malêbu sadaya | wus prapta sami alinggih ||
087.005 sang adipati amuwus | Ki Wirarêja nak mami | praptaningsun iki uga | ana tutur ing sirèki | nênggih putra pakanira[1] | kae putu mas dipati ||
087.006 pan ing mangke anggung wuyung | satêkanipun ing ngriki | ing mangke karsa manira | yèn sêmbada lan sirèki | gêgadhahan pakanira | rara kênya ingkang adi ||
087.007 pan ing mangke ta puniku | sun jaluk tambaning agring | yèn ana dukaning nata | katêmua maring mami | nadyan têmah ana pêjah | manira kang anglabuhi ||
087.008 Ki Wirarêja amuwus | punika nênêdha mami | sampeyan adarbe karsa | amundhut dhatêng pawèstri | kawula dahat lênggana | ajrih dhatêng sri bupati ||
087.009 punika pan sampun katur | mila ginadhahkên[2] kami | kariyin dèrèng diwasa | ing mangke sampun birahi | pan inganti kalamăngsa | benjing katur ing nrêpati [11: 23] ||
484–485 dari 1.487

 


pakênira (dan di têmpat lain). (kembali)
ginadhuhkên. (kembali)