Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
87–88 dari 234
488–489 dari 1.487
4.880–4.889 dari 14.865
087.045 kalawan sang rajasunu | mila kalampahan panggih | pangeran ing Surapringga | punika kang anangguhi | sang nata kalangkung duka | mirsa sang lwir gêndhis panggih ||
88. Dhandhanggula
088.001 sri narendra kalangkung aruntik | mring kang paman Pangran Surapringga | kumêjot padon lathine | Sri Narendra Matarum | sangsaya kagugu kariyin | duk Pangran Surabaya | kala atur-atur | sata bakisar mring nata | sri narendra dukanira anêkani | mring Pangran Surabaya ||
088.002 malah sampun pangran dèn têlasi | kalawan saanak putunira | wong patang puluh cacahe | kang tinêlasan wau | dening Sri Narendra Matawis | sadaya ngêmu waspa | sakwèh kang andulu | dêning ta datanpa dosa | kawarnaa Kyai Wirarêja malih | dinukan ing sang nata ||
088.003 kinesahakên saanak rabi | dinèkèk nagri ing Pranaraga | lami-lami têmahane | Wirarêja puniku | pinêjahan dhatêng sang aji | wau kangjêng pangeran | dipati winuwus | dinukan dhatêng sang rama | sri narendra asangêt dènira runtik | timbalannya mangkana ||
088.004 lah timbalana sang adipati | Sahoyi iku dèn patènana | gya dèn patènana dhewe | yèn tan kalakon iku | sayêktine si adipati | pan dudu anak ingwang | sapamirsanipun | pangran timbalan ing [11: 28] rama | sakêlangkung asakit sajroning galih | sang rara gya pinatyan ||
088.005 anèng pangkon cinublês pribadi | pêjahira sang rara punika | Ki Mangunjaya anake | ri sampun ing puniku | jêng pangeran dipati aglis | tinundhung mring Lipura | dening dalêmipun | ing kadipatèn sêmana | jinarahan èstrinipun dèn boyongi | linêbêtakên pura ||
088.006 miwah rajabrana apan ênting | jinarahan tan wontên kantuna | punapadene dalême | sakadipatèn lêbur | apan têlas dipun obongi | tan winarna laminya | dhawuhing bêbêndu | pangeran wus ingapura | de sang nata wus tinêtêpakên malih | ing dalêm kadipatyan ||
68. Trunajaya mantuk dhatêng Sama tata-tata badhe ambêdhah Mataram
088.007 sêmana sang prabu ing Matawis | apan owah lawan kina-kina | lamine tan kadi mangke | kang gêlarakên wau | wêsiasatira nglangkungi | kathah ngalap-alapan | mantri myang tumênggung | bupati miwah santana | sami risak manahe wong sa-Matawis | jalajat praja rêngka ||
088.008 akathah wau ingkang winarni | grahana surya kalawan wulan | limunan obar-abire | dalu lintang kumukus | udan salah măngsa kang prapti | jalajat ing nagara | rêngka kèh kadulu | ya ta ingkang kawarnaa | Jêng Pangeran Dipati Anom Matawis | kang rudatin ing nala ||
088.009 kang tansah dados brăngta wiyadi | sasedanira wau [11: 29] kang eyang | kang dados wode galihe | Pangran Surabayèku | dening kêdhik dosanirèki | kongsi tumêkèng pêjah | sanak putunipun | miwah kang para santana | ing Mataram tan ana eca kang galih | myang bupati sadaya ||
488–489 dari 1.487