Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
88 dari 234
492–493 dari 1.487
4.918–4.927 dari 14.865
088.038 nanging kantun ingkang amiwiti | benjing gusti pasthi lamun ana | ingkang miwiti ing gawe | wikana sangkanipun | wus pinasthi [11: 35: pin...asthi] karsaning Widi | kang ngrusak ing Mataram | têkèng jangjinipun | nanging ta gusti kawula | apan lumuh kapiawon ing ramaji | amiwitana karya ||
088.039 mila kawula akarya wakil | Trunajaya wus awak kawula | pangran dipati dêlinge | kawula ayun wêruh | alah eyang dika timbali | kang aran Trunajaya | ri saksana wau | Trunajaya tinimbalan | sampun prapta samana ngarsaning gusti | pangran rêsêp kang manah ||
088.040 Pangran Kajoran ngandika aris | mila sira iki tinimbalan | ing gustimu nah ing anggèr | tinari sirèng kewuh | lamun sira kaki ta bangkit | ya kinarya warana | tumêka ing lampus | sira pan kinèn awayang | awakira iya kaki karya ringgit | alah sira dèn bisa ||
088.041 yèn paringgitira datan bangkit | ing awayang narajang kêkêran | gonira aringgit radèn | pan karubuhan panggung | pasthi sira tumêkèng pati | Trunajaya anduga | sêmune sang wiku | yèn kinarya lêlampahan | aturipun sandika datan gumingsir | nadyan tumêkèng pêjah ||
088.042 anglampahi ayahaning gusti | nadyan lêbura kadya pratala | ingkang abdi upamane | tan garantês sarambut | sukalila tumêkèng pati | pangeran adipatya | asuka tyasipun | dene wau pamiyarsa | ing sanggupe Trunajaya tan gumingsir | amêngsah ing Mataram ||
088.043 angandika pangeran dipati | alah iya kaki Trunajaya | ing Sampang sun têdhakake | nanging ta wêkas ingsun | Trunajaya [11: 36: Truna...jaya] sira dèn bangkit | ingsun karya warana | dèn samun ing laku | lah uwis sira muliha | marang Sampang sira irupa pribadi | wong Sampang samadaya ||
088.044 alah sira bêbêga tumuli | aja ana seba mring Mataram | wong ing Sampang sarupane | dimèn dipatinipun | nèng Mataram kari pribadi | dening parabotira | kang beyani ingsun | ngadêga anèng Madura | nêlukêna pasisir măncanêgari | sira amiwitana ||
088.045 Trunajaya anêmbah nuhun sih | tan kawarna ing sasolahira | Pangran Kajoran wus mulèh | kalayan putranipun | Trunajaya ingkang wêwangi | arsa mulih mring Sampang | apan ta wus rêmbug | lawan panêmbahan rama | ingkang putra kinon miwiti kariyin | ngadêga Surabaya ||
088.046 dening besuk yèn kuwur Matawis | ingsun anusul maring ing sira | ing mêngko iki usume | ing Mataram wus sêpuh | wus pinasthi dening Hyang Widi | sirna jênêng Mataram | ya wirayat ingsun | milane sira ngong duta | miwitana pasthi bêdhahing Matawis | dening wadya Madura ||
088.047 sampun têlas dènira mêmêling | Trunajaya wus mulih mring Sampang | lawan saanak renane | tan kawarna ing ênu | ing Madura pan sampun prapti | pangeran ing Madura | nèng nagri Matarum | wong Madura kèh amapag | marang Trunajaya sêmana wus prapti | ing dalême kang paman ||
492–493 dari 1.487