Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
88 dari 234
494–495 dari 1.487
4.933–4.942 dari 14.865
088.053 apan maksih anèng ing Matawis | sira ngabèi ing Pajarakan | mila suwung nagarane | ya ta ingkang winuwus | sang aprabu natèng Matawis | pan lagya sinewaka | wau kang sinuhun | pêpak ingkang para putra | myang santana satriya para prajurit | andhèr amagêlaran ||
088.054 kang munggwèng ngarsanira narpati | Pangran Dipati Anom Mataram | ajajar lawan arine | Pangeran Singasantun | lan Pangeran Pugêr anênggih | Pangeran Martasana | iku munggwèng ngayun | anuli para santana | Jêng Pangeran Purubaya pan anangkil | Pangeran Pringgalaya ||
088.055 lawan radèn tumênggung Matawis | lan sira Jêng Pangeran Balitar | Wiramênggala jajare | Wiratmêja nèng pungkur | Dyan Prawirataruna nangkil | lawan Panji Karsula | Wirakarti ngayun | Tumênggung Mangunnêgara | pan pêpakan para bupati Matawis | andhèr ing pagêlaran ||
088.056 wadanane lan măncanagari | Darmayuda sira Pasuruan | apan ta wau ta pepe | anèng waringin kurung | lawan kancanira dipati | Ngabèi Prabalingga | lawan jajaripun | Nalidika ing Caruban | Wirasaba Ki Ngabèi Wiragati | Ngabèi Pajarakan ||
088.057 gêmbong Angabèhi Wăngsagati | tiyang măncanagari sadaya | nèng waringin kurung pepe | kadêngangan sang prabu | angandika natèng Matawis | sapa apepe ika | nèng waringin kurung | matur Pangeran Prubaya | inggih [11: 39: ing...gih] abdi paduka sri narapati | Ngabèi Darmayuda ||
088.058 lan kancanipun măncanêgari | sami apepe waringin kêmbar | sri naranata dêlinge | lah gandhèk dèn agupuh | timbalana ing ngarsa mami | sira gandhèk agêpah | lampahe lumayu | nimbali Ki Darmayuda | sakancane agêpah kang dèn timbali | lumayu mamêndhapan ||
088.059 prapta ngajêngan sri narapati | mukanya sami konjêm ing lêmah | kang sowan sumuyud kabèh | angandika sang prabu | apa sira pèpèkkên kami | Darmayuda tur sêmbah | kawula anuhun | ngaturakên pêjah gêsang | Darmayuda tiwas atêngga nagari | ing tampingan bang wetan ||
088.060 wontên mêngsah Makasar nginggahi | watawis têtiyang kalih nambang | pun Galèngsong pangajênge | langkung dening arusuh | angrêrayah ing têpis iring | nagari Pajarakan | kang rinayah gêmpur | abdi dalêm apuyêngan | kang abăngga apan sami dèn pêjahi | ingkang nurut rinayah ||
088.061 risak abdi dalêm têpis iring | inggih tiyang Makasar punika | wontên Dêmung gêgêdhene | kawula nuhun bêndu | kadospundi karsa narpati | sang nata ing Mataram | angandika arum | yèn mangkono Darmayuda | lah sakèhê iya wong măncanagari | nuli padha muliha ||
088.062 alah sira papaga tumuli | mungsuh Makasar kang lagi munggah | bang wêtan kêrigên kabèh | angluruga mring Dêmung | lah sun wèhi sira têtindhih | Si Karsula miyanga | nindhihana [11: 40] laku | prange wong măncanagara | anggawaa lah sira mantri panumping | wong sèwu numbakanyar ||
494–495 dari 1.487