Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
88–89 dari 234
495–496 dari 1.487
4.945–4.954 dari 14.865
088.065 lawan lêlurahe wong pasisir | Mangunnagara sira gawakna | marang Jêpara sakèhe | dêdimone atugur | nèng Jêpara dên ngati-ati | ya ta sri naranata | sêmana wus kondur | mantuk dhatêng dalêm pura | kang asowan luwaran ing păncaniti | nêmbang yudakênaka ||
89. Pangkur
089.001 orêg wadya ing Mataram | pan ing Taji dènnya amêpak baris | abanjêng sajuru-juru | asri ingkang busana | pan wong măncanagara wadananipun | Darmayuda Pasuruan | wau kang dados têtindhih ||
089.002 para bupati bang wêtan | sadayane sami wisma Matawis | anèng ing Taji akumpul | Warung lan Garobogan | ing Sêsela ing Balora wus akumpul | ing Jipang lan Jagaraga | Kaduwang lan Panaragi ||
089.003 Madiun [11: 41: Madi...un] lan Pamagêtan | ing Kalangbrèt kumpul lawan wong Rawi | ing Kadhiri wus akumpul | Sarêngat lan Balitar | Wirasaba Pasuruan wus akumpul | prasami anata bala | Pasuruan lan ing Bangil ||
089.004 gêgaman wus amalatar | yèn sinawang kadi prawata sari | lêlayu lan umbul-umbul | katut ing samirana | kadya ombak ing samodra yèn dinulu | gêgamane warna-warna | kadya ta prawata sari ||
089.005 gêbyaring sanjata lanang | kadya kilat yèn tinon angajrihi | bêndhe tinêmbang angungkung | angrok swaraning bala | kadya gêrah kricike watang atarung | asrang gadêbêge bala | kadya udan sinêmèni ||
089.006 waos binang winêgigan | laring banyak tiningalan tulyasri | waos bung ampèl lan wargu | cêmung kumbala badhak | kang jininggring waos cêmêng munggwing ngayun | lêlayu pan tinon amyang | wong satus anumbak putih ||
089.007 ya ta wau kawarnaa | Panji Karsula dados senapati | tiyang Japan pan akumpul | iku santananira | Ki Apanji saking Japan asalipun | mila nagari ing Japan | sinungakên ing sang aji ||
089.008 lan dadi wadananira | wong panumping punika kang sapalih | ya ta asiyaga sampun | sadandananing yuda | kapal agêm apan kinapanan sampun | kang bala umyung gumêrah | sami asaos ing jawi ||
089.009 lagya apamit ing garwa | para putra nangis abêbondhèti | apan sami kêdah [11: 42: kê...dah] tumut | ing rama Mangunyuda | nanging rama tan suka tansah angimur | mring putra myang para garwa | Panji Karsula mangkya ngling ||
495–496 dari 1.487