Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
89–90 dari 234
497 dari 1.487
4.961–4.970 dari 14.865
089.016 ing mangke rêmbag manira | Ănggajaya dadi pangawat kering | anindhihana ing laku | wong Jipang lan Balora | ing Kaduwang Pamagêtan lan Madiun | ing Warung lan Garobogan | dadia pangawat keri[1] ||
089.017 dening kakang Darmayuda | anèng kanan kang dadia têtindhih | dèn sami prayitnèng kewuh | kang dipun tindhihana | wong Garêsik punika sawarninipun | Sarêngat lawan Balitar | Prabalingga lan ing Bangil ||
089.018 kang dadi cucuking yuda | wong Kadhiri kalawan Panaragi | Wirasaba kanthinipun | lawan wong Kartasana | benjing têmah ajana mundur ing kewuh | yèn ana mundur ing prana | sun sosog têka ing wuri ||
089.019 manira kang dadi dhadha | kang sun kanthi amunga wong Matawis | sadaya sami arêmbug | sakèh para dipatya | enjing bubar umyang kang bala gumuruh | asrang lan triciking watang | kadi udan sinêmèni ||
089.020 untape punang gêgaman | yèn sinawang kadi prawata sari | swaraning bala anguwuh | ing rowang kadi gêrah | kang gêgaman awarna-warna dinulu | kadi wukir kawêlagar | tanpa wilangan kyèh baris ||
089.021 datan kawarna ing marga | nagri Japan sêmana sampun prapti | atatan-tatan akumpul | sami prayitnèng baya | wus atata sigra laju maring Dêmung | sigra ngantêp ing ayuda | kang wadya kagiri-giri ||
089.022 ya ta wau kawarnaa | wong Makasar sampun midhangêt warti | yèn wong Mataram kang rawuh | kêrigên wong bang wetan | pan sumêdya amapag maring [11: 44] ing Dêmung | wong Makasar amalatar | tan sêdya mundur ing galih ||
90. Durma
090.001 wong Makasar wus akukuh bitingira | baluwarti ainggil | wus prayitnèng bala | watara kalih nambang | wong Makasar anginggahi | pan akêkitha | anèng Dêmung karakit ||
090.002 Raja Galèngsong sineba dening bala | miwah para prajurit | lawan kang santana | ingkang sami katrêsnan | ingkang ngêtutakên mêksih | sami prawira | tate amangun jurit ||
090.003 Raja Galèngsong ngandika mring santana | aran Dhaèng Makinci[2] | lah kapriye bapa | wartane wong Mataram | wartane iya mèh prapti | apan sumêdya | anggêcêk marang mami ||
497 dari 1.487

 


kering. (kembali)
Makincing (dan di têmpat lain). (kembali)