Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
89 dari 234
496–497 dari 1.487
4.954–4.963 dari 14.865
089.009 lagya apamit ing garwa | para putra nangis abêbondhèti | apan sami kêdah [11: 42: kê...dah] tumut | ing rama Mangunyuda | nanging rama tan suka tansah angimur | mring putra myang para garwa | Panji Karsula mangkya ngling ||
089.010 lah uwis padha kariya | dèn abêcik-bêcik sapungkur mami | kaya ingsun ora mantuk | yayi pangrasaningwang | lamun ingsun yayi tumêka ing lampus | sun atitip putranira | dening iku maksih cili[1] ||
089.011 kang garwa matur karuna | milandika kiyai andarbèni | pangandika kang kayèku | dening sêdya kawula | mugi dika tulusa ngong awu-awu | nora bisa angawula | liyane saking kiyai ||
089.012 Panji Karsula ngandika | apan uwus ingsun karasèng ati | inggih mungsuh ingkang rawuh | kalangkung dening awrat | apan ingsun pinatayan ing sang prabu | ingsun kinèn nindhihana | prange wong măncanagari ||
089.013 yèn tan ngêntasana karya | pasthi ingsun yayi ora amulih | tan kawarna lampahipun | sêmana sampun bubar | kang tinilar sami karuna gêng wuyung | sira Ki Panji Karsula | bubar kang bala angiring ||
089.014 wong sèwu anumbakanyar | wong Bumija kalawan wong Panumping | gêgaman abra dinulu | kadya prawata sêkar | tan kawarna ing Taji pan sampun rawuh | têmpuh gêgaman Mataram | kalawan măncanêgari ||
089.015 pêpakan para niyaka | măncanagri sami arêmbag pikir | Panji Karsula amuwus | nêdha sami arêmbag | sampun wontên pradudonira ing laku | lah nêdha pinatah-patah | pangawat kiwa lan keri[2] [11: 43] ||
089.016 ing mangke rêmbag manira | Ănggajaya dadi pangawat kering | anindhihana ing laku | wong Jipang lan Balora | ing Kaduwang Pamagêtan lan Madiun | ing Warung lan Garobogan | dadia pangawat keri[3] ||
089.017 dening kakang Darmayuda | anèng kanan kang dadia têtindhih | dèn sami prayitnèng kewuh | kang dipun tindhihana | wong Garêsik punika sawarninipun | Sarêngat lawan Balitar | Prabalingga lan ing Bangil ||
089.018 kang dadi cucuking yuda | wong Kadhiri kalawan Panaragi | Wirasaba kanthinipun | lawan wong Kartasana | benjing têmah ajana mundur ing kewuh | yèn ana mundur ing prana | sun sosog têka ing wuri ||
496–497 dari 1.487

 


cilik (dan di tempat lain). (kembali)
kering. (kembali)
kering. (kembali)