Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
90 dari 234
499–500 dari 1.487
4.985–4.994 dari 14.865
090.018 dening mungsuhira sampun kapalajar | wong Makasar agusis | samya ngungsi wana | wau panyananira | wus kawus nora ngudhili | agăndra pira | mungsuhira akêdhik ||
090.019 bitingira akarsa wau binêdhah | pan arsa dèn jarahi | kang sami tinilar | darbene wong Makasar | nanging kasaput ing wêngi | Panji Karsula | ngandika angundhangi ||
090.020 alah mêngko ajana wong angrêrayah | dening kasaput wêngi | sira antèkêna | iya ing benjang-enjang | sira ambêdhaha biting | jêjarahana | dening kang duwe gusis ||
090.021 sampun mundur wadyabala ing Mataram | miwah măncanagari | samya masanggrahan | anèng ing ara-ara | dening kasaput ing wêngi | andhèr akapang | wadyabala Matawis ||
090.022 sawarnine sami eca manahira | nora duwe kuwatir | dening mungsuhira | sirna sami lumajar | milane eca kang galih | cucul busana | kuda wus dèn uculi ||
090.023 pinalawungakên sakèhing gêgaman | mawur têtiyang alit | sami pamondhokan | wênèh angguyang kuda | asuka-suka ing wêngi | nèng pondhokira [11: 47: po...ndhokira] | tan ngangge dèn ropohi ||
090.024 kang sawênèh eca dènira anendra | dyan kawarnaa malih | têtiyang Makasar | ingkang angungsi wana | asêdya aso kariyin | nora apisah | sabature arakit ||
090.025 tiyang Makasar tahasi lumayua | apan sêdyaa bali | sarencang wus rêmbag | ing wau sêdyanira | arsa angamuk ing wêngi | sêdhênge uga | wong Mataram aguling ||
090.026 sampun sami apadandanan ing wana | watara têngah wêngi | Galèngsong ngandika | payo sêdhênge mara | amukên wong ing Matawis | ajana pisah | barênga ing ajurit ||
090.027 yèn anêmpuh alah payo babar pisan | aja sira anggopi | angamuk karampak | lah kawusêna pisan | pamondhokane ing mangkin | sira obonga | dimèn kuwur wong cili ||
499–500 dari 1.487