Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
90 dari 234
498–499 dari 1.487
4.979–4.988 dari 14.865
090.012 wong Makasar sampun miranti sadaya | anèng sajroning biting | karsa mêtonana | yudane wong Mataram | Raja Galèngsong nindhihi | pan sampun mênga | wau lawanging biting ||
090.013 sampun mêdal wau têtiyang Makasar | padha angagêm lêmbing | wênèh ngagêm watang | saha gêgamanira | tandangira angajrihi | pan sampun mêdal | saking sajroning biting ||
090.014 kadya gêrah surake wadya Mataram | miwah măncanagari | binendrong sanjata | wong Makasar tan obah | têtiyang măncanêgari | sarêng umara | kanan kalawan keri[1] ||
090.015 prit anêba pêrange bala Makasar | sampun têmpuh ing jurit | nanging wong Makasar | pan kêkathahên lawan | bingung tangkêping ajurit | pinaju tiga | pan karubuhan wukir [11: 46] ||
090.016 kadar pira kathahe tiyang Makasar | mêngsah măncanagari | pan karoban mêngsah | ya ta wadya Makasar | pêrangira pan kalindhih | mundur sadaya | nêdya aso kariyin ||
090.017 dènnya pêrang apan dèrèng angsal papan | milanipun kalindhih | pan palayunira | sami angungsi wana | ngalumpuk dados sawiji | wadya Mataram | surake wanti-wanti ||
090.018 dening mungsuhira sampun kapalajar | wong Makasar agusis | samya ngungsi wana | wau panyananira | wus kawus nora ngudhili | agăndra pira | mungsuhira akêdhik ||
090.019 bitingira akarsa wau binêdhah | pan arsa dèn jarahi | kang sami tinilar | darbene wong Makasar | nanging kasaput ing wêngi | Panji Karsula | ngandika angundhangi ||
090.020 alah mêngko ajana wong angrêrayah | dening kasaput wêngi | sira antèkêna | iya ing benjang-enjang | sira ambêdhaha biting | jêjarahana | dening kang duwe gusis ||
090.021 sampun mundur wadyabala ing Mataram | miwah măncanagari | samya masanggrahan | anèng ing ara-ara | dening kasaput ing wêngi | andhèr akapang | wadyabala Matawis ||
498–499 dari 1.487

 


kering. (kembali)