Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
90 dari 234
500–501 dari 1.487
4.996–5.005 dari 14.865
090.029 tan akathah wong Makasar kang umangsah | watara kawan biting | apan ta sadaya | sami pêpênêdira | Galèngsong kang anindhihi | pan sampun prapta | pondhoke wong Matawis ||
090.030 wong Mataram sami sakeca kang manah | tan adarbe kuwatir | ingkang wikan mojar | lah ika batur apa | swarane pating barêkik | lah oborona | sawènèh ana wuri ||
090.031 ika buron wana maring [11: 48] pamondhokan | ya ta nora aganti | nrajang pasanggrahan | wong Makasar asurak | alah amuk wong Matawis | sata angrunjang | pondhok dipun obongi ||
090.032 apuyêngan wadyabala ing Mataram | dene ingamuk wêngi | pan tunjang-tinunjang | tambuh mungsuh lan rowang | apati gagap-gagapi | mawur puyêngan | akathah ingkang mati ||
090.033 tinumbakan dening têtiyang Makasar | nora angsal ngudhili | kang sami sudira | pan ora olih papan | katunjang lawan kapipit | milakèh pêjah | wadya măncanêgari ||
090.034 apuyêngan pondhokira ingobongan | katunjang dening api | tan kobêr amapan | kèh pêjah padha rowang | kêna gêgaman pribadi | wênèh lumajar | padha arêbut urip ||
090.035 wong Makasar pangamuke kadi yêksa | kadya banthèng akanin | kadya saradula | galak amăngsa sarpa | singa katrajang awiwrin[1] | akathah pêjah | tiyang măncanêgari ||
090.036 palayune sami atilar gêgaman | darbèk nora katolih | lumayu wêwuda | ingkang mêntas anendra | anging ta arêbut urip | bingung puyêngan | bubar padha sawêngi ||
090.037 para bupatine pan sami lumajar | tan tolih anak rabi | tinilar ing bala | lir gabah ingintêran | tan wruh kawula lan gusti | wus byar rahina | larut bala Matawis ||
090.038 sirna gêmpang wau saking pamondhokan | sadarbene kang kari | wus têlas rinayah | dening [11: 49: de...ning] bala Makasar | Panji Karsula agiris | pan ta gegeran | tinilar ing wadyalit ||
500–501 dari 1.487

 


awingwrin. (kembali)